Sore mau ponakanku jumedhul ing omahku.
Numpak beat dhuweke, kang dadi alat transportasine saben dina. Ing cepitan
ngarep, katon ana bungkusan kerdus. Pengakune, kerdus kuwi isine sirsat. Sirsat
saka mbahe bocah-bocah. Kanggo kulawargaku dan kulawargane ipeku. Cacahe sirsat
ana enem. Dadi, kulawargaku entuk bagean telu, semana uga kulawargane ipeku. Dakadum
kanthi adil, telu-telu.
Sanajan kang diarani adil kuwi ora kudu
padha cacahe. Nanging, amrih gampange ya dakbagi padha. Cara iki ora mrelokake
pemikiran kang njlimet. Kersane mbahe mesthi kaya ngono uga. Sakulawarga entuk
telu. Supaya padha-padha bisa ngrasakake.
Ora mung ngrasakake sirsat, nanging
ngrasakake katresnan. Awit, sejatine sirsat kiriman mbahe bocah-bocah ora mung
cukup ditegesi winates ing jinising woh-wohan. Nanging, luwih jero saka kuwi, yaiku
mralambangake tresnane wong tuwa marang anak. Mulane, saben ana kiriman saka
wong tuwa marang putrane, ora pantes yen dideleng rupa barange. Sebab, bisa bae
barange ora pati apik kang bisa nguciwani. Mula, delengen bae “jerone” rasa
tresna.
Apa kang bisa didahar wong tuwa, bisaa
dirasakake putrane uga. Mangkono lumrahe pangajeng-ngajenge kabeh wong tuwa
tumprap putra-putrane. Nanging, yen wong tuwa nembe ngrasakake babagan kang ora
enak, yen bisa putra-putrane aja nganti ngrasakake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar