Kamis, 23 Februari 2012

Prasaja, Cathetan Dwija

Cathetan Dwija iki satemene mung cathetan salah satunggaling dwija kang mapan ana ing kutha cilik. Awit mapaning ing kutha cilik, mula apa kang dicathet ya bab-bab kang mbok manawa bae ora pati wigati. Ora pati wigati tumrap pawongan kang mapan ing kutha-kutha gedhe, kang saben dina mrangguli prastawa-prastawa kang gedhe. 

Mbok mawana uga, cathetan ini ora pati wigati tumrap pawongan kang mapan ana ing kutha cilik, semana uga tumraping pawongan kang mapan ing padesan. Awit, cathetan iki isining mung karakit saka sesawangan kanyatan sadina-dina kang diprangguli dening panulise kang ora sugih kawruh. Mula, cathetan kang Panjenengan waos iki sabenere mung panguda rasa batining panulis kang cupet ing pikir saha pangrasa.

Ya, ya, dadi iki mung cathetan kang prasaja. Cathetan kang ora atur kawruh dhateng pamaos. Kepriye ta bisa diarani atur kawruh (apa maneh kawruh kang wigati) yen panulise bae cupet ing pikir lan pangrasa? Ananging, mbok menawa kepareng, panulise arep gladhen terus bab nguda rasa kanyatan kang saben-saben diprangguli ing pagesangan jagad amba iki. Sanajan, jagad amba, ambaning mung ana ing pamulangan.

Mula nyuwun pangapura mbok manawa cathetan iki mung medhot kamardikan Panjenengan sami. Kamardikan apa bae, kalebu kamardikan rerembugan kulawarga, rerembugan kadang pasrawungan, sare, apa maneh ing satengah-tengahing Panjenengan nindakake ruweting pakaryan ing dina iki. Nuwun.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar