Rabu, 09 Mei 2012

Liwat PMR Nyemekake Sikap Preduli Marang Pepadha


BOCAH KANG LARA ditandhu digawa menyang UKS sarampunge upacara dening PMR.
Saben Senin, ing sekolah meh mesthi dianakake upacara. Kajaba yen ing dina liya ing minggu iku ana dina nasional kang mrelokake upacara, kayata pengetan dina Pendhidhikan Nasional, dina Kartini, dina Pahlawan, lan liya-liyane. Saben ana upacara ing sekolah mesthi bae nglibatake para siswa. Bisa bae dadi petugas. Nanging sing baku dadi peserta upacara.

Ing kanyatan saben ana upacara kang umume mrelokake wektu kurang luwih sakjaman, ana bae bocah kang ora kuwat nganti bubar upacara. Ing tengah-tengahing upacara ana bae bocah kang ambruk awit lemes awake. Kang paring pitulungan sepisanan lumrahe bocah kang ana ing sajedake. Diinggirake/dietokake saka barisan. Ing kene, petugas palang merah remaja (PMR, kang anggotane para siswa) banjur paring pitulungan. Petugas PMR kang cacahe luwih saka siji iku wis nyiapake dlakbar. Bocah kang lemes awake (mbokmanawa kelangan kesadharan) mau banjur diangkat nganggo dlakbar. Digawa ing panggonan kang rada ayom. Ing teras utawa njero kelas yen mung prelu pitulungan sethithik. Ananging yen dideleng, bocah mau mrelokake pitulungan kang luwih khusus, lumrahe langsung ditandhu karo dlakbar digawa menyang ruang usaha kesehatan sekolah (UKS).

Bocah-bocah kang kalebu anggota PMR, kang ing wektu iku duwe tugas, nglakoni kewajiban mau kanthi prayogi. Nggotong kancane sing lagi lara kanthi sabar lan kebak katresnan. Ing kene sikap preduli marang kanca kang mrelokake pitulungan subur kasemekake. Bocah-bocah nduweni sikap preduli marang pepadha. Luwih-luwih marang kadang kang nembe lara. Cekat-ceket paring pambiyantu. Iku jiwa (semangat) kang mesthine wigati kasemekake marang kabeh tarunaning bangsa iki.  Mula bener yen saben ana upacara ing sekolah, bocah-bocah kang kalebu anggota PMR wis dipapanake ing saubenge/lapangan upacara, njaga yen samangsa-mangsa ana bocah kang lara nalika ndherek upacara. Awit iku bisa dhidhik bocah nduweni sikap preduli. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar