Diberdayakan oleh Blogger.

Patrap Preduli Katandur Wiwit Cilik

Saben Senin, ing sekolah meh mesthi dianakake upacara. Kajaba yen ing dina liya ing minggu iku ana dina nasional kang mrelokake upacara, kayata pengetan dina Pendhidhikan Nasional, dina Kartini, dina Pahlawan, lan liya-liyane. Saben ana upacara ing sekolah mesthi bae nglibatake para siswa. Bisa bae dadi petugas. Nanging sing baku dadi peserta upacara.

Nuwuhake Kreasi Murid

Pameran Akbar lan Seni Hardiknas 2012 kang digagas dening Pemerintah Kabupaten (Pemkab) Kudus, liwat Dinas Pendidikan Pemuda Olahraga (Disdiknas) Kabupaten Kudus, Jumat (4/5), ditutup. Pameran kang digelar ing Gedung Ngasirah, iku pranyata ora mung mamerake seni lukis lan hasta karya. Ana maneka kreasi siswa liyane kang nambah suwasana luwih gebyar. Pancen, yen mlebu ing njero ruang pameran kang dideleng mung lukisan lan hasta karya, asil pakaryane siswa lan guru seni-budhaya. Ana lukisan kang ngemu kaendahan alam, sosial masyarakat, tradhisi, lan agama. Ana uga hasta karya kang arupa keramik kang dimodifikasi karo limbah masyarakat, nanging asile apik banget.

Peladosan Kesehatan

Kanggone manungsa, kesehatan kalebu perangan kang wigati. Badhan sehat, kabeh aktivitas ing pagesangan, bisa katindakake kanthi prayogi. Kesehatan kuwi ora mung kanggo awake dhewe, nanging uga kanggo awake liyan. Karepe, yen awak sehat ora ngrepotake liyan, malah bisa mitulungi kerepotane liyan. Mula, babagan kesehatan diudi dening sapa bae. Luwih-luwih kanggone wong kang wis lanjut usia (lansia). Sapa bae, sing jenenge wis kalebu lansia kuwi mesthi rentan karo penyakit. Kabeh penyakit gampang nempel ing awak. Sanadyan yen isih enom katon kuwat, ora nate lara, yen wis lansia gampang banget kenclokan lara. Kaya-kaya kabeh penyakit teka-lunga, ibarate.

Nyengkuyung Bot-repote Sesami

Wis lumrah ing pasamuwan sing dakdhereki yen ana anggota arep nindakake mantenan, sadurunge “pemberkatan nikah” ing greja, dianakake bidston manten ing omah. Kulawarga nekakake pasamuwan greja, supaya ndherek ngrasakake sukur lan paring pandonga. Cikben kabeh kang wis dipersiapake bisa katindakake kanthi prayogi, ora ana rubeda sing nganggu lelampahane adicara. Yaiku adicara kang katindakake ing omah, greja, uga ing papan resepsi (kang lumrahe kanggo kulawarga-kulawarga sing kalebu “menengah ke atas”). Dene, kulawarga sing kalebu “menengah ke bawah”, jamake nindakake resepsi ing omah.

Ngresiki Lingkungan

Nyengkuyung apa kang dadi programe pemerintah ing babagan njaga karesikan lingkungan, pas banget karo gegayuhane SMP 1 Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng), kang mapan ing Dalan Getas Pejaten, Kecamatan Jati, Kudus, kuwi. Yaiku, gegayuhan supaya para muride nduweni sikap peduli marang lingkungan. Mulane, ing Jumat (13/4) esuk mau bocah-bocah kelas VIII A nganti H, diatag menyang dalan kang ana ing ngarep sekolah. Bocah-bocah supaya ngresiki pinggiring dalam kanthi njupuk reregedan kang pating slengkrah. Regedan plastik, kertas, uga godong-godong garing kang ngregedi dalan. Jumat (6/4) sing kepungkur bocah-bocah kelas VII A nganti H uga nindakake pakaryan kang padha.

Sabtu, 10 September 2016

Jagong ing Pahargyan Manten

Gambar kapethik saka www.whenwedding.com
Aku lan sisihanku lagi wae rampung nyumbang kanca kang nikahake putrane. Ora ing gedung, nanging ing omah. Mantenan ing gedung saiki lumrah, kaya wis dadi polaning urip masyarakat kutha. Sauger ana dhuwit, pancen luwih praktis nganakake adicara pahargyan manten ing gedung. Kasebut praktis awit kabeh uba rampe gegayutan karo kaperluan manten, sarana gedung, lan konsumsi wis kaborongake marang even organiser (EO).

Kajaba praktis, omah-omah ing kutha lumrahe pas-pasan. Ora ana pekarangan amba cedhake omah. Dadi, yen nganakake pahargyan manten ing omah ya kapeksa nutup dalan. Dalan diowah dadi papan pahargyan. Rada muntel alias seg-segan. Ananging, cara ngene iki kerep katindakake. Awit, pracaya apa ora, cara ngene iki luwih ngirit ragad katimbang nganakake ing gedung.

Ing sisihe omahe kancaku pancen ana pekarangan kosong. Ing kono kaedhegake tratag/tarub. Kanggo papan pelaminan manten lan para tamu kang rawuh. Papan pelaminan ing panggung. Para tamu ing ngisor pinarak ing kursi. Ing pinggir-pinggir pinarake para tamu wis  tinata rapi dhedhaharan ing meja-meja gedhe. Ana para pramusaji kang siap mbiyantu para tamu kang arep dhahar. 

Dhedhaharane warna-warna. Ana gule kambing, sate kambing, sate ayam, sega pindhang, soto daging, bakso, lan liya-liyane. Unjukane ya warna-warna. Para tamu bebas kepengin dhahar lan ngunjuk apa wae kang kasediakake.

Wis lumrah yen para tamu uga disuguhi hiburan. Sinambi dhahar lan ngunjuk, para tamu bisa ndeleng hiburan orjen tunggal. Swara lan jogedane para biduan nglipur para tamu.  Sumbangan lagu saka tamu uga perangan panglipur kang apik. 

Sawise marem dhahar lan ngunjuk, para tamu atur doa restu marang penganten lan pasangan wong tuwane kang ngapit manten ing pelaminan. Ana para tamu kang diaturi foto bareng manten. Kang ngene iki lumrahe isih dulur utawa kanca raket, utawa kanca kerja.

Para among tamu kang macak ayu-ayu lan bagus-bagus nampi para tamu ingkang rawuh kanthi ramah. Semono uga marang tamu kang kondur, para among tamu ngaturaken pamatur nuwun kanthi luwes.    

 



Jumat, 09 September 2016

Polisi kang Paring Pangayom Masyarakat


Gambar kapethik saka riliarully.wordpress.com
Yen para kadang padha gelem ndeleng ing dalan-dalan prapatan, pratigan, lan saurute dalan kang dienggo menggok, mesthi ana wong kang mitulungi ngatur arus lalu lintas kaya polisi, cikben pengendara lancar mlakune.

Wong-wong kuwi mesthi duwe pamrih. Yaiku ngenteni peparinge pengendara kanti ikhlas. Yen ana sing maringi ya ditampa kanthi pamatur nuwun. Ananging yen ora ana kang maringi, sangertiku wong-wong kuwi ora meksa.

Sanajan ora mokal, ing antarane wong-wong kuwi ana sing meksa. Meksane kanthi cara alus. Ora nganggo pangucap-pangucap kang kasar. Ananging nganggo basa simbol, kayata panyorote mripat, mecucune lambe, lan pratingkah liya-liya kang kesane medeni pengendara. Karepe, cikben ana saweran.

Awit, wong-wong sing ngono kuwi pancen ora duwe pagawean. Dadi kaya-kaya ngatur arus lalu lintas iku pakaryan kang utama. Pancen ana wong-wong kang nekuni profesi ngono kuwi. Ananging cacahe  sithik. Dene wong liyane, aktivitas kuwi mung digawe sampingan. Umume kang nganggep aktivitas sampingan yaiku para tukang becak, kang saben dinane "ngetem" ing papan kono.

Para abang becak ing jaman saiki pancen wis kangelan nemu penumpang. Wong-wong wis akeh kang duwe motor. Dadi mrana-mrana mesthi ngendarai motor dewe, saora-orane diantar-jemput karo kaluwargane. Dadine para tukang becak migunakake wektu nganggur kanggo golek duwit kanthi dadi polisi cepek. Ya polisi cepek.

Sanajan, kang ditrima saka masyarakat ora mesthi cepek. Ana saperangan wong kang menehi duwit rada akeh. Mulane, saben-saben ana wong kang mbutuhake jasa becake ditolak awit sithik mbayare. Luwih akeh entuk duwit saka perane dadi polisi cepek timbang ngonthel becak. Awit ngono kuwi, ing akhir-akhir iki bab dadi polisi cepek dilakoni kanthi gantian utawa miturut daftar tugas. Kaya-kaya wis dimanajerial kanthi cara modern.

Dadi, yen para kadang saben-saben mrangguli para polosi cepek gonta-ganti wonge ing papan kang padha, iku asile manajerial  mau. Esok si A, awan si B, sore si C, lan bengi si D. Ana shift-shiftane.

Sabenere, ana polisi cepek kuwi apik yen pancen ing papan kuwi arus lulu lintase rame. Kosok baline ora apik yen arus lalu lintase sepi. Yen kondisi dalane ora rame mesthi wae ora perlu diatur. Pengendara bisa ngatur dhewe. Ananging, sok-sok ana wae polisi cepek sing gawe-gawe, mung motive golek keuntungan. Arus lalu lintas kang kalebu sepi, malah digawe macet, cikben entuk saweran.

Awit ana motif kang ora apik kuwi, kala-kala ana pengendara kang ora aweh saweran. Ananging ora sithik para pengendara kang kapeksa aweh saweran supaya kendaraane (mligine mobil) uwal saka prilaku ala oknum polisi cepek.  Yen wis kaya ngono kuwi ora beda karo premanisme.

Mula wis samesthine polisi kang dibayar negara kudu luwih ndhisik ngatur arus lalu lintas ing dalan-dalan kang rame. Ora malah kedhisikan karo polisi-polisi cepek kang duwe motif ala mau. Yen meruhi polisi cepek kang kaya ngono kuwi, polisi negara kudune nglarang. Ora malah ngenjarake. Sebab, masyarakat butuh rasa nyaman, aman, lan temtrem ing bebrayan gedhe iki.






  





  






Jumat, 22 April 2016

Ngrasakake Katresnan

Sore mau ponakanku jumedhul ing omahku. Numpak beat dhuweke, kang dadi alat transportasine saben dina. Ing cepitan ngarep, katon ana bungkusan kerdus. Pengakune, kerdus kuwi isine sirsat. Sirsat saka mbahe bocah-bocah. Kanggo kulawargaku dan kulawargane ipeku. Cacahe sirsat ana enem. Dadi, kulawargaku entuk bagean telu, semana uga kulawargane ipeku. Dakadum kanthi adil, telu-telu. 

Sanajan kang diarani adil kuwi ora kudu padha cacahe. Nanging, amrih gampange ya dakbagi padha. Cara iki ora mrelokake pemikiran kang njlimet. Kersane mbahe mesthi kaya ngono uga. Sakulawarga entuk telu. Supaya padha-padha bisa ngrasakake. 

Ora mung ngrasakake sirsat, nanging ngrasakake katresnan. Awit, sejatine sirsat kiriman mbahe bocah-bocah ora mung cukup ditegesi winates ing jinising woh-wohan. Nanging, luwih jero saka kuwi, yaiku mralambangake tresnane wong tuwa marang anak. Mulane, saben ana kiriman saka wong tuwa marang putrane, ora pantes yen dideleng rupa barange. Sebab, bisa bae barange ora pati apik kang bisa nguciwani. Mula, delengen bae “jerone” rasa tresna. 

 Apa kang bisa didahar wong tuwa, bisaa dirasakake putrane uga. Mangkono lumrahe pangajeng-ngajenge kabeh wong tuwa tumprap putra-putrane. Nanging, yen wong tuwa nembe ngrasakake babagan kang ora enak, yen bisa putra-putrane aja nganti ngrasakake.