Minggu, 10 Desember 2017

Mbangun Kabecikan

Wektu kanggo tes utawa ulangan kang dakweruhi paling dawa rong jam. Upamane, saka jam pitu nganti jam songo. Iku mono ora kanggo kabeh mata pelajaran. Mung mata pelajaran tartamtu. Lumrahe mata pelajaran Matematika, IPA, Bahasa Indonesia, lan Bahasa Inggris (kanggone murid SMP lan kang sadrajat mendhuwur).

Mata pelajaran kang daksebut ing dhuwur kuwi mata pelajaran kang di-UN-ke, ujian nasional. Dadi kaya-kaya mata pelajaran kang luwih penting timbang mata pelajaran liyane.  Mula lumrah yen wektu kangga tes utawa ulangan mata pelajaran kuwi luwih dawa. Kajaba materine penting lan akeh, uga kanggo gladhen UN. Awit, wektu kang kasediyakake UN mata pelajaran-mata pelajaran kuwi ya rong jam.

Lumrahe tes utawa ulangan mono ana kang ngawasi. Ing sekolah, guru-guru duwe peran kuwi. Dadi pengawas tes utawa ulangan lumrahe ya guru-guru. Saben ruang diawasi rong guru. Ananging, yen ana kahanan khusus, bisa wae sak ruang diawasi guru siji. 

Tujuane ngawasi bocah-bocah tes utawa ulangan, sanajan mung rong jam, supaya kejujuran bisa kawujudake. Bocah siji karo sijine cikben ora contoan. Ora ana bocah kang ngepek. Bocah-bocah kaarahake mikir dhewe-dhewe. Yen kahanan kuwi kang tinemu, asile tes utawa ulangan mesthi bisa nggambarake (kanthi tenanan) potensine bocah-bocah.

Pengalamanku sakjege ngawasi tes utawa ulangan, ana wae bocah-bocah kang duwe krenteg nyonto utawa ngepek. Malah wis ana bocah kang nglakoni. Awit konangan, ya daknasehati supaya ora nglakoni maneh. Prilaku iku ora apik. Yen dijarke ya padha wae mupuk prilaku korup wiwit ing sekolahan. Ana wae bocah kang migunakake kesempatan kanggo nglakoni bab  kang ora apik. 

Mula mesthine para guru kang lagi ngawasi bocah-bocah tes utawa ulangan kudu tenanan. Awit, yen para guru gelem jujur, ana lho saperangan guru kang kurang tegas nalika ngawasi tes utawa ulangan. Kayata, yen ana bocah kang nyonto utawa ngepek ora dikandhani kanthi serius. Dadine yen ana kesempatan maneh, bocah-bocah ya nglakoni prilaku mau. 

Saperangan guru, kang duwe prinsip tegas, nalika ngawasi tes utawa ulangan,  diwedeni bocah-bocah. Ora ana bocah kang wani nyonto utawa ngepek. Aku kalebu guru kang diwedeni (muga-muga wae disegani ya) bocah-bocah nalika ngawasi tes utawa ulangan. Tujuanku kepengin mbangun kaadilan ing antarane bocah-bocah. Sing bisa ya ben bisa. Sing durung bisa ya ben sakuwate bisa. Awit, mesakake yen tinemu bocah kang sregep sinau, bijine kalah karo bocah kang ora sregep sinau amerga nyonto utawa ngepek. Tujuan kang luwih gedhe yaiku supaya bocah-bocah dadi generasi penerus kang duwe integritas. 

Pancen angel mbangun kabecikan tumprape bocah-bocah yen guru siji lan sijine beda prinsip. Kabeh guru kudu duwe prinsip kang padha mligine kanggo mbangun kabecikane bocah-bocah. Conto, yen ana bocah nalika tes utawa ulangan nyonto utawa ngepek, kabeh guru kudu paring tindakan kang padha. Yen guru A maringi tindakan tegas awujud njupuk lembar jawab, tegese bocah mau ora bisa nerusake nggarap soal; guru sijine ya ngono. Yen kabeh guru seiya-sekata, karaktere bocah-bocah bisa kabangun kanthi apik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar