Sesambetan




Gesang bebrayan menika nembe wonten artosipun menawi setunggal lan setunggaipun sami sesambetan. Sesambetan ingkang saged mbangun kasaenan kangge lumampahing bebrayan agung. Kula, Sungkowo, lair wonten ing lerengipun Redi Muria, kalebet ing laladan Kabupaten Pati, Provinsi Jawa Tengah (Jateng), Indonesia. Amargi nalika alit sampun katilar dening Ibu kinasih, saking alit dumugi diwasa kula dipun emong dening Bulik saha Paklik, ingkang salajengipun dados tiyang sepuh kula. Mekaten, sanadyan secara biologis mboten, ananging secara "hukum formal", Bulik saha Paklik menika tiyang sepuh kula.

Bulik saha Paklik ingkang ngukup kula, ngantos kula saged diwasa, emah-emah, lan gadhah lare. Ingkang mbajeng sampun sekolah, dene ragilipun ing tahun pelajaran ing ngajeng mangke, 2012/2013, badhe lumebet sekolah. Awit pitulunganipun Gusti ingkang Mahasuci, kula sabrayat saged lumebet ing gesang padintenan kanthi prayogi. Sedaya kabetahan gesang rohani saha jasmani kacekapan awit sihipun Gusti kemawon.

Langkung-langkung Gusti piyambak ingkang sampun paring papan gesang tumprap kula sabrayat ing wewengkon Kabupaten Kudus, Provinsi Jateng, Indonesia, ingkang dipunkantheni kaliyan pakaryan ingkang prayogi kanggene nglajengaken pagesangan. Kawontenan ingkang ngremenaken (ugi) inggih awit papan gesang ingkang dipuncawisaken Gusti menika sae sanget kanggene mbangun bebrayan gesang. Awit, bebrayan ing tengah-tengahipun masayarakat ingkang sami njunjung rasa pakurmatan setunggal lan setunggalipun kanthi temen.

Pramila, kangge njembaraken kalangan bebrayan ageng, kula wantunaken mbangun pasrawungan, mboten namung ing alam bebrayan kanyatan, ananging ugi ing alam bebrayan maya menika, lumantar migunakaken jaringan internet. Mangga para pamaos Cathetan Dwija, kula aturi sesambetan kanthi prayogi, lumantar nyerataken pangandikan Panjenengan wonten ing seratan-seratan kula ing blog Cathetan Dwija, menika. Nuwun.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar