![]() |
| Gambar kapethik saka guskom.blogspot.com |
Akeh
banget kahanan anyar kang diweruhi ing papan pelesiran. Kahanan anyar kuwi isa
awujud apa bae. Endahe sesawangan alam, kayata gunung, ara-ara, segara, pante,
guwa, kali, lan liyane. Unike sesawangan asil kabudhayan, kayata candi,
ukir-ukiran, gambar, reco, lan liyane. Ana objek maneh kang uga nyenengake ati,
kayata kebun binatang, hutan lindung, lan maneka warna wahana permainan.
Tumrape
wong kang lelungan pelesir, rasa bungahe ora mung kepengin dirasakake
dhewe. Nanging, kepengin uga isa
dirasakake wong liyan, mligine wong kang ing omah lan kanca-kancane kang ora
melu pelesiran.
Mula, lumrahe wong kang pelesiran tutuku barang kang didol ing papan pelesiran. Barang kang dituku kuwi yen wis teka ing omah (sabaline pelesiran) diwenehake wong kang ora melu pelesiran. Kanti mangkana, wong-wong kang ana ing omah uga melu ngrasakake bungah. Rasa bungah nrima asil tutuku kuwi uga ndadekake bungahe sing nukokake. Awit, apa kang dadi kekarepane isa kawujudake.
Sanadyan
barang kang dituku regane murah, nanging gedhe tegese. Isa bae barang mau
regane mung limang ewu, kaya-kaya ora ana ajine, kayata sandal jepit, gelang,
gantungan kunci, kipas, lan sajenise. Nanging sejatine aja mung dideleng saka
barange. Delengen saka alasane kenapa barang kuwi dituku lan diwenehake marang
wong. Iku luwih aji. Awit, ing kono isa kita prangguli bab tandha
tresna. Yaiku, wujud katresnan antarane wong kang nukokake lan kang ditukokake.
Babagan kuwi kalebu kabudhayan adi
luhung kang urip ing tengah-tengahing bebrayan. Mula, prelu dijaga. Aja nganti
muspra saka panguripan bebrayan awake dhewe. Diipuk-ipuk, cikben kabudhayan
kuwi uga dirasakake dening anak-cucu kita nganti ing puputing jaman. 
Tidak ada komentar:
Posting Komentar