Rabu, 06 Desember 2017

Ngancani Sinau

Ngancani sinau kalebu aktivitas kang ana kaitane karo wong liya. Ngancani sinau kuwi bisa amerga karepe dhewe. Ananging, ana uga kang amerga karepe wong liya, yaiku panjaluke wong sing lagi sinau. Kang disebut ing buri kuwi kaya bab kang aneh. Awit, wong sinau kuwi umume dhewekan. Ora jaluk dikancani. Malah saperangan wong sinaune ing wayah sepi. Tengah wengi utawa subuh, nalika wong-wong isih akeh sing padha turu.

Aku duweni panemu, tumprape wong-wong tartemtu yen sinau ing wayah sepi dhewekan. Ananging, tumprape wong-wong liyane yen sinau ing wayah sepi nanging jaluk dikancani. Ragilku lagi wae sinau jaluk dikancani. Aku ora takon alasane kenapa sinau kok dadak jaluk dikancani. Aku mung manut wae panjaluke. Mung sediluk aku wis ana ing cedhake.

Dheweke pancen sinau. Maca buku sing wis ana ing ngarepe. Buku kabukak byak. Diwaca tanpa swara. Tegese, maca sakjerone ati. Dheweke wis bisa maca sakjerone ati. Jinising maca iki ora saben wong bisa. Awit, ing kanyatan ana wong kang maca kudu banter, metu swarane. Yen swarane ora metu, bab-bab kang disinaoni ora mlebu ing pikiran. Ora ana sing nyanthol sithik-sithika.

Ing sasuwene ngancani sinau, saben-saben ana pitakonan kanggo aku. Yen ragilku nemu tembung sing dheweke ora ngerti, banjur takon karo aku. Iku ora mung ping siji-loro. Takone kerep. Pokoke yen ana tembung sing ora dingerteni, mesthi takon. Yen durung dakjawab, dheweke ya ngenteni jawabane nganti dakunekake. 

Ana untunge kanggo awakku. Awit, aku kudu muter pikiranku yen ana pitakonan sing angel jawabane. Meksa mikir. Ngudhal-ngudhal pengalaman sing wis suwe kakubur jero. Ya gelem ora gelem golek nganti ketemu. Dadi aku meh kaya kamus. Tembung-tembung sing ditakokake, dakpikirake tegese utawa maksute. 

Cara sinau ngana kuwi sing nyenengake ragilku. Awit, dheweke ora mung ngadhepi buku, kang ora bisa diajak komunikasi. Ananging uga ngadhepi aku, kang bisa diajak rembugan. Sinau cara ngana kuwi pranyata bisa luwih efektif. Amarga yen ana tembung kang angel tegese, ora dadak golek ing kamus kang kudu molak-malik halaman. Cukup ngrungokake sing njelasake wae, sabanjure ngerti tegese utawa maksute. Dadi luwih singkat wektune, nanging entuk asile. Nyenengake!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar