Selasa, 13 Maret 2012

ME Kepala Sekolah (1)


Gambar kapethik saka: akhmadsudrajat.wordpess,com
Kangge ningkatake kwalitas pendhidhikan formal kang umumipun dipunpangarsani dening kepala sekolah, mbetahaken menapa ingkang dipunwastani monitoring lan evaluasi (ME). ME menika yektosipun kangge ningali kadospundi program-program sekolah katindakaken. Sedaya program ingkang dipunprogramaken sampun saged lumampah sedaya menapa dereng. Menawi sampun lumampah sedaya, kadospundi kawontenan lumampahipun, sampun kalebet sae menapa dereng. Ukuran sae menapa dereng, menika temtunipun sampun wonten ukurannipun. Wonten indikator-indikator keberhasilan ingkang saged dipuntingali. 

ME kepala sekolah wonten gegayutanipun kaliyan kwalitas pendhidhikan dhateng sekolah kasebut. Menawi kwalitas pangarsanipun, kepala sekolah, sae, saged ugi kwalitas pendhidhikan dhateng sekolah menika sae. Mekaten ugi kosokwangsulipun, menawi kebijakan-kebijakan pangarsanipun kirang sae, kwalitas pendhidhikan dhateng sekolah menika saged ugi kirang sae. Dados, kawontenan pendhidhikan sekolah menika “tergantung” kadospundi kawicaksanan kepala sekolah mimpin sedaya guru lan kariyawan sekolah.  

Awit lampahipun pendhidhikan sekolah menika katindakaken dening para guru lan kariyawan. Program kepala sekolah dipunejawantahaken wonten program guru lan kariyawan, ingkang katindakaken sadinten-dinten ing sekolah, arupi proses pembelajaran, sae intra sekolah mekaten ugi ekstra sekolah. Dados, lumampahipun program sekolah menika mboten saged kapisah kaliyan peran guru lan kariyawan ingkang dipunpangarsani dening kepala sekolah.
Pramila nalika ME kepala sekolah, para petugas ME (saking dinas pendhidhikan kabupaten/kota) umumipun mirsani sedaya dokumen lampahipun pendhidhikan sekolah. Inggih menika dokumen-dokumen ingkang kedah dipuntindakaken kepala sekolah, guru, saha kariyawan. Dokumen-dokumen menika dipunklempakaken dados setunggal, engga ngampangaken para petugas ME mirsani.

ME ingkang katindakaken wonten SMP 1 Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng), nembe kawiwitan, ing dinten Selasa (13/3) menika wau. Para petugas ME (inggih menika para pengawas sekolah utusan saking dinas pendhidhikan kabupaten) dereng saged angrampungaken jejibahan menika. Ingkang saged dipunlampahi nembe sepalihipun. Dados, mbenjang, Rabu (14/3) dipunlajengaken malih. Sanadyan nembe kalampahan sepalihipun, ananging para petugas ME sampun ngaturi pamanggih bab ME dinten menika wau dhateng kepala sekolah. Pamanggihipun para petugas kalawau dipuncariyosaken dening kepala sekolah dhateng para guru lan kariyawan nalika apel siyang, saderengipun wangsul. Inggih menika kathah program ingkang sampun katindaken, ananging langkung prayoginipun kedah dipundhereki bukti-bukti fisik. Tegesipun, program ingkang dipunlampahi menika kedah dipunevaluasi lan sedaya menika kedah dipundokumentasekaken. Awit dokumentasi (fisik) menika penting sanget kangge bukti bilih wonten program ingkang dipunlampahi.

Pamanggih (sementara) para petugas ME menika yektosipun ngemutaken dhateng kepala sekolah, guru. lan kariyawan ing ngajeng sageda nindakaken jejibahan kanthi temen-temen, mboten namung nindakaken jejibahan rutin, nanging kedah saged ndokumentasekaken menapa ingkang dipunlampahi. Kanthi mekaten sedaya lelampahaning program pendhidhikan sekolah saged kawaos (kapotret) kanthi cetha.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar