Senin, 28 Januari 2013

Walang Adon Kasmaran


ADON KASMARAN: Walang adon kasmaran ing godhong sikas.
Esuk mau, Senin (28/1), nalika aku arep menyang papan makarya, mripatku kagodha dening sesawangan kang prasaja, nanging eman yen mung daklewatake wae. Sesawangan iku ana ing sakdhuwure godhong palem, kang sinebut wit sikas. Apa sesawangan kuwi? Walang lanang-wadon lagi pepacangan. We, lah!

Aku banjur ngetokake kamera digital (kamdig). Sesawangan kang nyenengake kuwi banjur dakfoto. Ananging, walang kang nembe adon kasmaran kuwi kaya-kaya ora nggatekake yen ana makhluk liya kang lagi migatekake lelakune kuwi. Walang sakloron tetep padha adon kasmaran.

Yen mung lagi dideleng wae, walang kuwi ora bakal mabur. Dheweke sakloron mesthi tetap nindakake kewajibane nyukupi kabutuhan batin. Ngenak-ngenakna kang lagi wae ditindakake. Ora bakal dipedhot ing tengah dalan. Sunare kamdig nalika dakjepretake uga ora ngganggu lelakune kang banget pribadi kuwi. Walang sakloron tetep nindakake kewajiban jejodhon.

Mbokmenawa walang kuwi bakal enggal-enggal mabur yen ana kang ngganggu secara fisik, kayata narik-narik godhong kang diencoki utawa didudul saperangan ragane, apa elare apa sothange apa endhase. Walang sakloron mesthi medhot kewajiban kang ditindakake. Mabur kleper mbuh parane, isa wae siji ngulon siji ngetan. Dheweke rumangsa ora aman.

Mula kanggo ngurmati walang kang lagi adon kasmaran kuwi, aku ora ngganggu secara fisik. Cikben dheweke nglakoni apa kang kudu dilakoni, sing wigati lelakune kuwi ora ngrusak etika bebrayan para kewan. Ya, sanadyan kewan, kudu tetap kaurmat apamaneh ana gegayutane karo urusan-urusan kang banget pribadi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar