Jumat, 18 Januari 2013

Pakaryan Prasaja, Gedhe Paedahe

SREGEP: Esok-esok salah siji kadang Pasukan Kuning wus nyapu  ing dalan Agil Kusumadya, Kudus.

Mbokmenawa akeh wong kang isih turu kalebu kulawargane, kadang siji iki wus miwiti makarya. Nggawa sapu sada lan ekrak. Nyaponi regedan kang sumebar ing dalan-dalan lan lumrahe uga ing latar-latar kantor pemerintah. Pakaryan iku lumrahe katindakake nganti sore kanthi cara gentian. Kayata, kadang siji wiwit esok nganti awan, dene sijine wiwit awan nganti sore.

Katindakake sarana ngono awit kang aran regedan kuwi tekane sawayah-wayah, bisa bengi, esok, awan, lan sore. Ana regedan godong-godongan kang tiba saka wit, uga ana regedan awit prilaku wong-wong kang kurang preduli marang karesikane lingkungan. Sanadyan wus disediyakake kranjang sampah, isih akeh pawongan kang sakepenake dhewe mbuwak regedan. Coba sawangen ing dalan-dalan. Regedan awit pratingkahe wong sumebar sakparan-paran, ana plastik, dluwang, kerdus, lan liya-liyane.

Yen ora ana kadang kang sinebut Pasukan Kuning (awit manganggo seragam kuning) iku, dalan-dalan lan latar-latar kantor pemerintah mesthi dikebaki regedan werna-werna. Mbokmewana wae ora ana bedane karo pluruhan, blumbang regedan.  Mula, Sanadyan mung nyapu regedan, kadang Pasukan Kuning kudu diajeni. Malah ajine mesthi luwih gedhe awit bisa ndadekake lingkungan reged dadi resik. Pakaryan prasaja, nanging gedhe paedahe.

Paedahe ora mung kanggo kepentingane dhewe utawa sagolongan wong, nanging kabeh wong. Kabeh wong mesthi tuwuh rasa seneng yen ndeleng lingkungan resik, seger, tur asri.  Awit lingkungan resik, seger, lan asri bisa nggawe gumregahe urip. Nyambut gawe bisa seneng, mlaku-mlaku ya krasan, jejagongan dadi betah awit papane ora njemberi.

Malah, ora sithik kutha-kutha bisa nrima Adipura awit gumregahe kadang Pasukan Kuning njaga karesikane kutha. Para pejabat pemerintah kutha dadi ya ngrasakake uwohe. Para pejabat mau, bupati utawa walikota lan sakandhahahe, rumangsa olehe mimpin dhaerah nuwuhake asil. Dhaerah kang dipimpin dadi resik lan endah. Banjur, dening pemerintah pusat, dhaerah kang bisa njaga karesikan lan kaendahan lingkungan kaganjar karo penghargaan Adipura. Yen digagas kanthi tenan, kadang Pasukan Kuning ya kudu diparingi ganjaran.

Mesthi wae, ganjaran tumraping kadang Pasukan Kuning banget dianti-anti. Awit, lumrahe uripe mung pas-pasan. Kamangka anak-anake mesthi mbutuhake ragad kanggo pendhidhikan, kajaba kabutuhan sedina-dina kang mesthi kudu ana. Apa maneh saben mundak dina, ragad kanggo nyengkuyung kabutuhan kulawraga mesthi mundhak. Mula, wigati banget mikirake panguripane kadang Pasukan Kuning.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar