Rabu, 30 Januari 2013

Kupu kang Sengkleh Elare, Kanggo Pangilon


SENGKLEH: Kupu kang sengkleh elare nglemprok ing jogan.
Rebo sore (30/1), nalika aku lagi nyapu ing arep omah, daksawang ing jogan teras ana kupu kang nglemprok kanthi elar mekar. Kupu kuwi gedhe banget. Ora kaya kupu-kupu kang lumrahe dakprangguli, cilik awake. Kupu ukuran gedhe kang lagi nglemprok ing jogan kuwi pranyata salah sijine elare sengkleh. Dadi ya ora bisa mabur sanadyan dakuthik-uthik nganggo driji.



Awit kalebu sesawangan kang rada langka miturutku, mula ya dakabadekake karo kamera digital (kamdig) kaya wingi nalika aku mrangguli walang pepacangan. Langka, awit kupu kuwi ukurane ghede. Nanging, elare kang sengkleh ndadekake kupu kuwi ora katon apik kaya kupu-kupu lumrahe.  Kupu yen elare ora sengkleh mesthi katon apik awit bisa mabur mrana-mrene, sumringah lan trengginas, nengsemake mripat kang nyawang.


Malah kepara ngundhang pratingkah kang ora becik awit ora sethithik wong kang nalika nyawang kupu apik terus nduweni pepenginan bisa nyekel. Iku kang lumrahe ditindakake dening bocah-bocah. Ora mung diencup nganggo tangan, nanging nganggo jaring. Yen wis kecekel/kaencup, kupu kuwi dienggo dolanan. Pungkasane, kupu mesthi rusak elare lan mbokmenawa terus mati dicucuk pitik.


Kupu kang dakprangguli kang rusak elare sasisih kuwi banjur dakjumput dakpindahake ana ing wit sikas ngarep omah. Cikben ora diapak-apakake kewan liya, kayata dicucuk pitik utawa dikemah-kemah kucing. Awit kanthi kahanan kang kaya ngono kuwi, pitik utawa kucing gampang mangsa. Apamaneh ukuran kupune gedhe dadi luwih gampang kasawang saben mripat kalebu mata pitik lan kucing. Dakpesthekake yen kasawang dening pitik utawa kucing utawa kewan liyane mesthi kamangsa.

SELAMET: Muga-muga ing sadhuwure wit sikas, kupu gedhe kuwi isih bisa urip.


Aku ora weruh apa sebabe elare kupu kuwi sengkleh. Apa awit dienggo dolanan bocah-bocah apa awit gedhe ukurane dadi yen mabur natap kana natap kene banjur rusak elare, apa awit wis tuwa. Kang wigati aku wis paring pitulung. Mbuh, sabanjure aku ora weruh kupu kuwi, urip apa mati, nalika aku nulis tulisan iki ing wayah bengi. Pangarep-arepku, kupu kuwi bisa urip lan selamet ora kamangsa kewan liya sanadyan uripe ora sampurna.



Ing pamikiranku, ora mung kupu kang bisa nemahi kacilakan kaya ngono, manungsa kaya kita uga bisa nemahi babagan kang ora nyenengake. Babagan kacilakan kuwi bisa digawe dening liyan, awake dhewe, lan liya-liyane. Dening wektune, kita ora bisa mesthekake. Awit, kang kagungan wektu mung Gusti Allah. Saderma nglakoni urip, mula kita ya kudu ngati-ati cikben ora nemahi kanyatan kaya kupu kang nembe wae dakprangguli. Kupu kang sengkleh elare siji kang dakdeleh ing sadhuwure wit sikas ngarep omah, sesok esok, sawise aku tangi turu, bakal dakdeloki. Muga-muga isih selamet!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar