Rabu, 08 Agustus 2012

Nyawang Esemmu



nyawang esemmu wae
atiku njur bungah, ndhuk
tangi gumregah
wani nyawang obahing jagad

mula aja ilang saka padinan
awit esemmu ngemu pratandha katresnan
kang tinandur dening biyung lan rama
wiwit lair nganti keplasing yuswa

nyawang esemmu
mrangguli endahing urip
kang wis rinacik becik
nelesi kemropoking nepsu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar