Sabtu, 21 Juli 2012

Gerak Jalan, Ngramekake Pitulasan


WIS TEKAN garis finish, salah sijining regu wadon
Sanadyan pitulasan ing taun iki durung tekan wektune, nanging wis katindakake lomba gerak jalan kanggo ngramekake pitulasan, mengeti ulang taun kaping 67 Proklamasi Kemerdhekaan RI. Lomba gerak jalan katindakake sadurunge pitulasan awit cikben ora mbarengi Pasa. Gerak jalan kalebu olah fisik mula kurang pas yen katindakake tetep Agustus, kang mbarengi ritual Pasa.

Lomba gerak jalan kang dikoordinasi dening Dinas Pendhidhikan Pemudha lan Olahraga (Disdikpora) Kabupaten Kudus, kuwi kapilah dadi loro. Sepisan, kang katindakake ing dina Selasa (17/7) kanggo para murid, SMP saderajat lan SMA saderajat. Yen diitung klompok wadon lan lanang, gunggunge nganti atusan peserta. Akeh banget. Awit kabeh SMP saderajat lan SMA saderajat ing Kabupaten Kudus, Jawa Tengah (Jateng) pancen didhawuhi melu, peserta wadon lan lanang.
Rute kang kudu ditempuh adohe 8 km. Start ing Gedung Olahraga (GOR) Wergu Wetan, semana uga finishe. Urutane, saka Gor ngulon nganti Prapatan BNI (dalan Ahmad Yani) menggok ngidul, terus lurus nganti ngarepe gedung DPRD (Tugu Ahmad Yani). Banjur menggok nengen ngliwati Dalan Lukmono hadi, lurus terus nganti Alun-alun Simpang Tujuh, menggok ing Dalan Sunan Muria, Dalan Bhakti, Dalan Cokroaminoto, mandeg ing GOR.
Kapindho, kang katindakake ing dina Rebo (18/7) kanggo kategori umum, kalebu guru-guru. Cacahe uga nganti atusan peserta wadon lan priya. Rute kang kudu katempuh adohe 6,5 km. Diwiwiti saka GOR, dipungkasi ing GOR uga. Rute kang diliwati meh padha karo rutene para murid, mung ora nganti ing dalan ngarepe gedung DPRD lan ora ngliwati Dalan Sunan Muria – Dalan Bhakti. Dadi, tekan Alun-alun Simpang Tujuh, langsung ngliwati Dalan Jendral Sudirman. Tembus Dalan Cokroaminoto, banjur GOR.
NGASO sawise ngrampungake  lomba gerak jalan
Lomba gerak jalan kang saben kategori bakal katemtokake telung juwara kuwi, dibiji srana ketepatan wektu, keutuhan regu, lan ketertiban. Ananging isih ana wae regu kang mlakune banter-banteran. Bisa wae awit ora ngreti aturane utawa pancen ora nyepelekake aturan sanadyan wis ngreti. Regu kang bisa nggayuh kanthi prayogi srana (kriteria) kuwi, bakal entuk juwara, siji, loro, utawa telu. Kabeh juwara bakal entuk piagam penghargaan lan duwit.

Gerak jalan kategori murid lan umum padha-padha kawiwitan jam 14.00 WIB. Ananging, kang dibudhalake dhisik regu lanang/priya. Sabanjure lagi regu wadon. Mbokmanawa wae cikben regu wadon ora kena panase srengenge. Awit yen budhale wis sore mesthi wae soroting srengenge ora panas.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar