Rabu, 08 Agustus 2012

Gladhen Paduan Suara Kanggo Pitulasan


LUNGGUH karo migatekna pituture bu guru, nalika gladhen paduan suara
Wiwit wingi, Rabu (8/8) esuk, bocah-bocah padha gladhen paduan suara kanggo acara pitulasan. Gladhen paduan suara katindakake ing plataran sekolah. Manggon ing tritise bangunan  joglo sekolah cikben adem. Kanggo ngurangi kesele uga ngoronge bocah-bocah, apa maneh iki wulan Pasa. Ing panasan bisa gawe cepet kesel lan ngorong, kepengin ngombe. Yen ngana mesthi bisa mokak pasa alias batal pasa. Mula, kejaba manggon ing iyub-iyuban, bocah-bocah bisa lungguh nalika gladhen. Ora ngadeg kaya umume paduan suara. Ananging, ing pitulasan mengko ya mesthi wae ngadeg, sikap sempurna, yen nembe nyanyi.

Bu Widayati lan Bu Erlyn, guru kesenian ing sekolah, kang nglatih, katon semangat. Sanadyan mesthi wae saklorone nindakake pasa. Ya kuwi wujud semangat kang diwarisake para pahlawan. Sanadyan nindakake pasa, nglatihe ora mlelat-mlelet. Tetep semangat. Bocah-bocah pancen prelu dituladhani kanthi tenanan. Cikben gladhene ya tenanan.
Yen ora gladhen tenanan, mesthi asile ora becik. Ngisin-isine mengka yen ngisi acara ing pitulasan. Tamangka saben taun, saben pitulasan, para murid SMP 1 Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng), mesthi duwe jatah dadi paduan suara. Nglagokake lagu Indonesia Raya kanggo ngiringi ngerek gendera Merah Putih, uga lagu-lagu nasional.
Kaya dene ing pitulasan-pitulasan kepungkur, ing pitulasan taun iki, kang paduan suara mung murid-murid wadon. Awit yen mung murid-murid wadon luwih gampang nglatihe, timbang kecampuran murid-murid priya. Yen kecampuran murid-murid priya rada angel ngature. Ya umume pancen mangkana murid priya. “Gawe kesel atine kang nglatih,” pituture Bu Widayati setaun sing kepungkur.
Gunggunge kurang luwih 150 bocah kang kalebu tim paduan suara. 150 bocah kuwi katone wis akeh. Ananging yen wis mlebu ing lapangan kang dienggo upacara pitulasan tingkat kecamatan, katone sithik banget, saumplik. Nglatih bocah cacahe samana kuwi ora gampang. Apa maneh bocah-bocah kuwi ora kulina nyanyi. Mung madhakna dhuwur-cendheke swara 150 bocah, angel banget. Bu Widayati lan Bu Erlyn pancen kudu sabar.
Kanggo nggayuh kasiapan kang maksimal, umume gladhene katindakake saben dina. Yen bareng karo ibadah pasa, kaya wektu iki, umume gladhene mung wektu esuk, nalika bocah-bocah mlebu sekolah. Jam-jam esuk kahanan isih rada adem. Dadi, bocah-bocah sing kalebu tim paduan suara ya kudu bisa ninggalake dampar pasinaon dhisik ing jam-jam esuk kuwi. Ora dadi ngapa. Awit, sanadyan paduan suara, ora ing njero kelas, bocah-bocah uga padha sinau. Malah bab kang disinaoni luwih lengkap. Ora mung sinau bab ilmu pengetahuan, nanging sikap lan ketrampilan. Ya, muga-muga gladhen paduan suarane kanthi tenanan cikben nuwuhake kaluhuran.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar