Kamis, 12 Juli 2012

Tradhisi Khajatan, Njaluk Dongane Tangga Teparo


Gambar kapethik saka ayikngalah.wordpress.com
Ing tradhisi Jawa, mligine kaum Islam, yen arep duwe gawe, kayata netakake lan nikahake anak, diwiwiti karo tradhisi khajatan. Khajatan utawa kenduren utawa slametan dianakake kanthi tujuwan nyuwun kaslametan saka Gusti Allah tumpraping gawe kang katindakake lumantar pandonga.

Pandongane ora mung kabawakake dening kulawarga. Nanging, tangga teparo diundang, dijaluki tulung bebarengan dongakake.  Dadi, sadurunge acara khajatan, undangan diwenehake marang tangga teparo kang dijaluki tulung ndedonga bebarengan. Jam wis katemtokake. Miturut pengalaman kang wis lumaku nganti saiki, tangga teparo kang diundang mau teka ngepasi jam undangan.

Yen kabeh wis padha nglumpuk, acara diwiwiti. Tetuwa kampung, biayasane modin, kang mimpin lakune acara, saka wiwitan nganti pungkasan. Ing wiwitan, tetuwa kampung menehi ngerti marang undangan bab apa kang dadi kekarepane kang duwe gawe. Sabanjure, dheweke mimpin undangan ngunjukake donga marang Gusti Allah, kanthi basa pandongane umat Islam. Dadi, yen ing antarane undangan ana kang nduweni iman beda, meneng wae. Utawa ndongakake, nanging nganggo cara keyakinane dhewe.
Dadi, khajatan kuwi pranyata bisa kanggo nyambung bebrayan ing masyarakat. Sanadyan beda iman, diundang. Kang diundang sanadyan beda iman, teka ing khajatan. Kanyatan kuwi ngemu teges. Yaiku, kang ngundang paring pakurmat marang kang diundang. Tekaning kang diundang ing khajatan ateges paring pakurmat kang ngundang. Dadi, patrap kurmat-kinurmatan ing antarane tangga teparo bisa uga dideleng ing acara khajatan.
Kang teka ing khajatan, yen acara ndedongane wis rampung, leren sawatara, nganakake ramah-tamah. Ing acara ramah-tamah, kang umume sedhela kuwi, kang duwe gawe atur pasogatan. Ana teh anget lan jajanan. Jajane diwadahi piring, dipangan bebarengan. Ana jajan kang tukon saka toko, ana jajan gawean dhewe. Kayata, kacang goreng, roti, lemper, wajik, lan yen usum woh-wohan, kala-kala ana melon utawa semangka, salak, lan liyane. Yen wis padha ngicipi jajanan lan ngombe teh kang disogatake, kabeh kang kembul khajatan padha bali.

Baline digawani “brekat” arupa kerdus/besek/wakul plastik  isi sega lan iwak-sayur. Kala-kala ana sing daging, iwak bandeng, utawa iwak liyane ditambah endog. Saben wong siji nggawa siji. Ananging yen ana tangga kang ora teka ing acara, wong kang paling cedhak karo omahe tangga kuwi dititipi supaya diwenehake. Dadi, baline kala-kala ana sing nggawa sabrekat, ana sing luwih saka sabrekat.
Ing njera kerdus/besek/wakul plastik kala-kala diisi jajan kang dilebokake plastik. Umume jajan pasar, kayata apem, wajik, jenang, lan kocur. Kaya jajan kang disogatake nalika ramah-tamah. Magepokan karo jumlahe, ora ana pathokan. Yen kalebu kulawarga sugih, jajane akeh; yen kalebu sedengan, jajane cukupan (ora akeh ora sithik); yen kalebu kulawarga pas-pasan, ora ana jajane.  
Sawise khajatan, kang duwe gawe biyasane langsung nrima tamu kang buwoh (nyumbang). Yen ora ngana, sesuke lagi buwoh awit rame-ramene (nekakake tamu) pancen sesuke. Dadi, sabubare tradhisi khajatan, terus katindakake gawe. Kang melu khajatan ing tlatah mapane Cathetan Dwija, umume, wong lanang.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar