Sabtu, 06 Oktober 2012

Ing Pasarean


Dakterusake pakaryan adi iki
mulang bocah-bocah ing pawiyatan
awit winih wis kita  dhedher bebarengan
sanadyan udan utawa panas
ora rasa wegah

Ya gela atiku, mitra
awit ora ana sliramu maneh
bareng gegojegan karo bocah-bocah kae
nalika wayah ngaso, nyegerake pikir

Bocah-bocah ora bakal lali
marang lelabuhanmu, mitra
kabeh kecathet kanthi apik
ing dluwang-dluwange
kasimpen dadi suluhing urip

1 komentar: