Selasa, 10 Juli 2012

Tontonan Kethoprak, Nguripi Ekonomine Wong Cilik


PERANGAN ADEGAN kethoprak crita Damarwulan, ing desa
Ing zaman saiki tontonan kethoprak wis arang. Sanadyan ing wulan-wulan khusus akeh wong duwe gawe, arang kang nanggap kethoprak. Awit ragate akeh banget. Bisa nganti puluhan juta rupiyah. Dadi, yen ora sugih tenan, nanggap kethoprak wektu duwe gawe, ora kecanggah. Tinimbange kanggo nanggap kethoprak ya luwih becik kanggo kepreluan liya.

Ning ya ana wong kang ora sugih, awit wis duwe celengan, bisa nanggap kethoprak nalika duwe gawe. Carane, nyelengi sithik-sithik. Mbokmanawa nganti mataun-taun lagi bisa nglumpuk akeh. Pungkasane cukup kanggo nanggap kethoprak. Nanging kanyatan sing kaya ngana sithik banget. Apa maneh ing zaman saiki kabutuhan saben dina sangsaya mundhak. Ora bakal keconggah nyelengi.

Ning ana uga wong tuwa sing bisa nanggap kethoprak awit ragat saka anake. Anake, kang arep nikah, wis nyiapake ragat kanggo nanggap kethoprak. Ya awit kerjane wis mapan. Bayarane akeh. Apa kang dibutuhake kanggo nikahe wis dicepakake dhewe. Kang kaya ngana iki Cathetan Dwija lagi wae mrangguli. Yaiku nanggap kethoprak wektu nenikahan. Ragate pancen akeh banget. Nganti puluhan juta rupiyah.

DODOLAN ing keramean tontonan kethoprak
Kethoprak bisa pentas kaping pindho, rina lan bengi. Rina, wiwit awan nganti sore. Bengine, wiwit jam sepuluhan bengi nganti esuk. Nalika Cathetan Dwija melu ambyur ing tengah-tengahing tontonan kethoprak iku, ana bab wigati kang prelu kawartakake. Tontonan kethoprak, semana uga tontonan liyane, mligine ing tlatah padesan, kaya nduweni tenaga magnet kang bisa narik masyarakat. Sing nonton akeh.
Ana kang teka tujuwane mung nonton. Kang iki, ora mesthi kenal karo sing nanggap. Awit bisa wae saka desa liya. Sarana krungu ana tontonan kethoprak, dheweke nglegakna teka nonton. Umume gunggunge malah akeh tinimbang wong kang nonton sinambi buwoh (nyumbang). Dadi, kang nonton kuwi ana rong perangan. Sepisan, wong kang tujuwane mung nonton. Kapindho, wong kang nonton sinambi buwoh. Mula, cacahe pancen akeh.
Saking akehe, wong-wong kang nonton kuwi umume ora nggatekake sakitere. Ora preduli ana tanduran kaidak-idak amerga oyok-oyokan papan kang enak kanggo ndeleng. Ana sing saka kiwa panggung, tengen lan ngarepan panggung. Kang ana ing sisih kiwa lan tengen panggung umume wong kang tujuwane mung nonton. Dene kang ing ngarepan panggung, tamune sing duwe gawe.

Kahanan kang kaya ngana kuwi kanggone wong dodolan nyenengake. Awit dheweke bisa mrema (dodolan ing reramean). Yen mrema kaya ngana kuwi umume regane dodolan rada larang. Yen biasane siji didol limangewu, nalika mrema bisa sepuluhewu. Dadi tikel loro. Mula untunge akeh banget.
Sing mrema werna-werna. Ana sing mrema dolanan. Ana kang mrema panganan, kayata bakso, goreng-gorengan, rujak, kulup, lonthong tahu, es, dhawet, kacang, jeruk, mlinjo godhogan, lan liya-liyane. Kabeh didhasarake ana ing sakitere panggung. Ana kang lesehan, mung nggelar klasa, dodolane gumlethak ing klasa. Ana kang migunakake meja lan bangku. Dodolane diatur ing meja. Mapane dodol ana ing saurute pinggir dalan. Nanging uga ana ing pekarangane wong, tangga teparone sing duwe gawe.
Akeh sing padha tuku. Luwih-luwih wong kang tujuwane mung nonton. Mesthi golek camilan jajan dipangan sinambi nonton. Ana sing ngemil kacang, mlinjo godhogan, jeruk, krupuk, lan sapanunggalaning. Bocah-bocah cilik mesthi padha njaluk dolanan marang wong tuwane. Wong tuwa umume akeh sing nuruti panjaluke anake yen lagi ana tontonan/keramean.

Dodolan ing papan tontonan/keramean mesthi akeh payune. Yen biasane dodol sedina payu siji-loro, ing papan tontonan sing payu bisa nganti puluhan utawa atusan. Apa menah yen tontonane rina lan bengi. Apa kang didol bisa entek ludes. Mbokmanawa malah  ana perangan dodolan kang kurang. Tontonane durung rampung, dodolane wis entek. Kang kaya ngene, umume ing omah wis duwe tandon. Dadi bisa njupuk,  entek-njupuk, entek-njupuk. Mula ora salah yen diarani tontonan, kalebu tontonan kethoprak, bisa nguripi ekonomine wong cilik. “Inggih, Mas, lumayan payune saged kangge kulakan,” mangkana celathu salah sijine wong dodol nalika ditakoni dening Cathetan Dwija bab kepriye dodolane, laris apa ora.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar