Minggu, 08 Juli 2012

Patrap Nasionalisme, Wis Ana Grengsenge Pitulasan 2012 ing Desa-desa


Gambar kapethik saka sandhyisme.com
Ing saben taun meh kabeh negara kang wis mardika mengeti dina kamardikan. Mangkana uga negara Indonesia. Mengeti dina kamardikan ing Agustus. Ing taun iki, sanadyan isih ing Juli, pengetan dina kamardikan Republik Indonesia (RI) kang bisa diarani “pitulasan” wis ana grengsenge.

Diarani “pitulasan” amarga pengetan dina kamardikan RI ngepasi tanggal pitulas (17), yaiku 17 Agustus. Mula, wong-wong wis lanyah ngucapna “pitulasan” saben-saben mengeti dina kamardikan RI. Grengsenge pitulasan wis ana nganti ing desa-desa. Kaya ing Desa Jatikulon, Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng). Katitik ing Juni wae wis kabentuk panitiya.

Panitiya tingkat desa, RW, lan RT wis kabentuk kanthi komplit. Saka sapa sing penanggung jawab nganti seksi-seksi sing mbawani saben kegiyatan wis ana. Umume wis nganakake parepatan. Kaya panitiya pitulasan RW 6 Jatikulon, Jati, Kudus, tuladhane, wis nganakake parepatan kang sepisan ing Juli iki. Ngrembug werna-werna kegiyatan.
Ana kegiyatan kang sifate umum. Tegese, bisa dieloki kabeh warga, enom-tuwa, lanang-wadon, lan gedhe-cilik. Upamane “jalan santai”. Nanging, ana uga kegiyatan kang sifate khusus. Kayata, kegiyatan kanggo bocah-bocah TK, SD, remaja, lan diwasa. Dipilah-pilah miturut umure. Cikben kabeh bisa karengkuh.
Awit pitulasan taun iki bareng ritual Pasa, mula ana kegiyatan kang dirancang ditindakake ing Juli. Yaiku kegiyatan-kegiyatan kang mbutuhake tenaga fisik. Lomba kanggo bocah-bocah, remaja, lan diwasa kang mbutuhake tenaga fisik, dianakake sadurunge Pasa. Lomba nglebokake potelot ing botol, mecah plastik isi banyu, balap karung, badminton, lan lomba liyane kang mbutuhake fisik dianakake ing Juli iki. Dene lomba kang arupa kesenian (maca geguritan lan “mewarnai”) dianakake ing Agustus, sanadyan mbarengi Pasa. Amerga jenise lomba kuwi ora mbutuhake tenaga fisik. Kabeh ragat disokong warga bebarengan.

Ora mung ing RW 6, ing RW-RW liyane lan ing tingkat RT uga nganakake kegiyatan kang kaya ngana kuwi. Cathetan Dwija malah krungu warta, yen ing tingkat desa, Desa Jatikulon, Jati, Kudus, ora mung nganakake lomba antardusun (lomba voli), nanging uga arep nanggap kethoprak. Kethoprak kalebu kesenian dhaerah kang meh wae dilalekake dening masyarakate awit kagruduk dening budhaya/kesenian modern. Nanggap kethoprak ragate larang banget. Bisa nganti puluhan juta rupiyah. Mula ragate kuwi diurunake saka warga-warga kang kalebu duwe wulu pametu (penghasilan, Ind) akeh. Awit kas desa ora nyukupi.  
Kanyatan mapak pitulasan kang kaya ngana kuwi mesthi katindakake ing endi-endi panggonan ing saambane bumi nuswantara iki. Ya ing desa-desa lan ing kutha-kutha. Masyarakat, kantor-kantor swasta, apa maneh kantor-kantor pamarentahan, mesthi wae wis siyaga. Kabeh wis ndapuk kepanitiyaan. Anggaran lan rancangan-rancangan kegiyatan mesthi wis kasiapake.
Dadi, sanadayan isih adoh saka 17 Agustus, nanging para warga bangsa gumregah. Wis ana grengsenge kahanan batin lan lair kanggo pengetan kaping 67 dina kamardikan RI 2012 iki. Iku mono patrap nasionalismene masyarakat Indonesia kang ora bakal lumuntur.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar