Jumat, 06 Juli 2012

Mangsa Duwe Gawe


UBA RAMPE kanggo lamaran manten
Duwe gawe salah sawijine pagaweyan kang katindakake dening meh kabeh kulawarga. Kayata, duwe gawe awit tetakan lan nenikahan. Kena dititeni, ing tradhisi Jawa (mbokmanawa mangkana uga ing tradhisi liyane), duwe gawe umume ing wulan-wulan tartemtu. Ing wulan Rejep utawa Ruwah. Mula, yen tiba Rejep utawa Ruwah, ing masyarakat Jawa, akeh wong duwe gawe. Duwe gawe kaya-kaya ana mangsane, kayadene woh-wohan.

Sadesa wae yen mangsane wong duwe gawe cacahe akeh banget. Meh angger dina ana wong duwe gawe. Bisa sadesa, sadukuh, sa-RW, sa-RT, ana uga sing pepetan omah. Tamangka yen ana wong duwe gawe, tangga teparo mesthi padha buwoh (nyumbang). Ora mung tangga teparo, wong adoha yen kenal mesthi wae buwoh. Kang wis dadi kabiyasan yaiku “wutang buwoh”. Tegese, yen wektu duwe gawe dibuwohi ya kudu mbalekake buwohan nalika sing buwoh mau duwe gawe.

Wujude buwohan ora mung duwit. Bisa wae arupa barang, kayata, gula, beras, rokok, kopi, teh, lan liya-liyane. Umume kulawarga kang duwe gawe nyatheti nalika nrima buwohan. Kayata, pak A buwoh apa lan pira cacahe, ibu B nyumbang apa lan sepira akehe. Kabeh dicathet thirik-thirik. Kang nyatheti ya mesthi wae kadange sing duwe gawe.  Mbalekkake buwohan dhasare saka cathetan kuwi. Arupa apa lan pira akehe dadi pathokan. Yen nalika duwe gawe dibuwohi gula sakwintal ya mbalekkake (buwohan) sithik-sithike gula sakwintal. Yen entuk buwohan seketewu ya sithik-sithika mbalekake seketewu. Mbokmanawa bakal tuwuh rasa isin yen nalika mbalekkake cacahe luwih sithik.
JAJANAN nDESA ing mangsa duwe gawe
Awit tradhisi duwe gawe ana mangsane, ora sathithik wong kang padha sambat kentekan duwit. Awit buwoh kana buwoh kene. Ngaleh kana ngaleh kene. Buwohe mili terus kaya banyu mili ing kali. Ora entek-entek. Yen ora duwe tandhon duwit utawa beras lan apa wae kang bisa kanggo buwoh, bisa wae pungkasane wutang karo tangga utawa kadang. Utawa diirit-irit, dipantha sithik-sithik, supaya bisa rata nyukupi.
Mandhege wong duwe gawe yen wis mlebu ing wulan Pasa. Sanadyan Pasa kurang sedina, ana wae wong sing isih duwe gawe. Yen wis nyemplung “plung” ing wulan Pasa, wis ora ana sing duwe gawe maneh. Nanging, biyasane ing wulan Syawal wis ana maneh wong duwe gawe sanadyan kari sithik. Mbokmanawa wae sisane ing Rejep lan Ruwah. Ya ngana kuwi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar