Kamis, 31 Mei 2012

Riyaya Undhuh-undhuh, Ngenalake bab Saos Sokur Tumrap Bocah-bocah


PISUNGSUNG TARI kang kabawakake dening para taruna greja
Urip tansah dipun berkahi dening Gusti Allah. Kabeh kabutuhaning urip bisa kacukupan ya awit campur astanipun Gusti Allah. Ora ana siji-sijia manungsa sing bisa nyukupi kabutuhane urip dhewe. Yen dideleng sakedepan mbokmanawa manungsa bisa ngomong yen uripe bisa lestari kuwi awit dheweke wis ngupaya rejeki lumantar makarya. Ananging sejatine, yen dirunut kanthi jujur, kabeh kuwi mung awit tresnanipun Gusti Allah dhateng manungsa, titahipun.

Kasantosan sing digawe nyupaya makarya supaya manungsa kuwi lestari uripe asalipun saking Gusti Allah. Dadi, manungsa sehat, duwe kasantosan, landhep pikire, ulet, werna-werna pakaryan ana, sejatine iku mung pakaryan agung Gusti Allah rumentah marang manungsa. Mula, yen Gusti Allah mboten tresna dhateng umatipun, ora ana tumitah, kalebu manungsa, kang bisa urip.

Mula, manungsa kudu saos sokur dhateng Gusti Allah kang sampun paring pangrimat, ing saben dinane. Ing dina khusus, kaya dene ing Riyaya Undhuh-undhuh (Minggu, 27/5), umat Kristiani nganakake kebaktian khusus. Ing kebaktian kuwi, pasamuwan diatag ngaturaken saos sokur sacara khusus dhateng Gusti Allah. Maneka warna pisungsung kang kaaturake dhateng Gusti Allah manut kakuwatane lan pamilikane dhewe-dhewe.  Sing pakaryan tani ya nyaosake asil tetanen (tela, klapa, pari, kates, gedhang, nangka, jagung, lan sapanunggalaning), sing dagang ya barang utawa arta, semana uga kang pagawe, bisa misungsungake arta, sing ngingu kewan ya bisa kewan kang dipisungsungake. Dene, sing pinter gawe rerajinan tangan bisa misungsungake asil keterampilan tangan. Sing pinter masak ya misungsungake masakan, lan liya-liyane nyocoki karo kawasisane. Sing bisa ngolah musik, nembang/ngidung, maca geguritan, ya bisa bae nyaosake kuwi. Mula sing bisa saos sokur ora mung kang wis dewasa. Bocah-bocah uga bisa.


MACA GEGURITAN lan NDEDONGA bab pisungsung kang kaaturaken dhateng Gusti Allah.
Mula, ing Riyaya Undhuh-undhuh, bocah-bocah kang isih cilik (kalebu balita lan batita) diatag uga ndherek ngramekake Riyaya Undhuh-undhuh kanthi misungsungake apa sing didhuweni. Sing bisa nyanyi ya nyanyi, sing bisa nari ya nari, lan sapanunggalaning. Ana uga bocah-bocah kang dipacaki miturut profesine wong dewasa. Ana sing dadi petani, polisi, pedagang, tentara, guru, pegawe kesehatan, lan liya-liyane. Kabeh kuwi dianakake, cikben bocah-bocah sangsaya mangerteni yen sapa bae bisa atur pisungsung sokur dhateng Gusti Allah.
Kahanan kuwi mau kaya kang dianakake ing greja kang dakdhereki. Sawise mirengake sabdanipun Gusti Allah kang diwedhar dening bapa pendhita, kabeh pasamuwan (tuwa lan anom, lanang lan wadon, bocah lan dewasa) ndherek mangayubagya Riyaya Undhuh-undhuh. Urut-urutane, ana pisungsung tari kang nggambarake pakaryaning para tani. Sabanjure, penari kuwi mau murwakani prosesi undhuh-undhuh, kang didhereki bocah-bocah kang dipacaki rupa-rupa profesi. Sakburine, ana rombongan wakil pasamuwan (putra lan putri, nom-noman, dewasa) nggawa  rupa-rupa asil tetanen, arta, lan saliyane, kausung ing ngarepe pasamuwan (ing altar), banjur kadongakake bebarengan kapimpin dening bapa pandhita.
Rupa-rupa asil tetanen, uga asil kerajinan tangan, lan asil masakan, kuwi banjur didhasarake ing jaba greja, dituku karo pasamuwan kang mbutuhake. Dadi, ing pungkasaning kabeh pisungsung kang arupa barang kuwi dadi pisungsung arta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar