Jumat, 27 April 2012

Ndherek Bidston Manten


Perangane adicara bidston manten, ngidungake pepujen
Wis lumrah ing pasamuwan sing dakdhereki yen ana anggota arep nindakake mantenan, sadurunge “pemberkatan nikah” ing greja, dianakake bidston manten ing omah. Kulawarga nekakake pasamuwan greja, supaya ndherek ngrasakake sukur lan paring pandonga. Cikben kabeh kang wis dipersiapake bisa katindakake kanthi prayogi, ora ana rubeda sing nganggu lelampahane adicara. Yaiku adicara kang katindakake ing omah, greja, uga ing papan resepsi (kang lumrahe kanggo kulawarga-kulawarga sing kalebu “menengah ke atas”). Dene, kulawarga sing kalebu “menengah ke bawah”, jamake nindakake resepsi ing omah.

Bidston manten (Kamis, 26/4) sing daktekani karo kanca-kanca sapasamuwan iku, papane rada adoh saka kutha  Kudus, Jawa Tengah (Jateng). Adohe saka kutha Kudus udarakara 20 km, arah ngalor, tumuju ing laladan Redi Muria. Pase ing Dukuh Kuwukan, Desa Colo, Kecamatan Dawe. Dalan kang tumuju ing papan iku munggah. Sadurunge mlebu ing Dusun Kuwukan, dalane alus, awit dalan iku pancen dalam umum. Dalam kang meh saben dina diliwati bis-bis gedhe lan cilik kang ngeterake wong-wong ziarah ing pasareane Sunan Muria. Wong-wong kang padha ziarah iku lumrahe saka njaba dhaerah (manca).

Sanadyan dalan kang lumebu ing Dukuh Kuwukan iku rusak banget, ora ana sing bisa dipilih, kabeh pasamuwan sing nekani bidston kuwi rawuh kanthi kebak kaselamatan. Mlakune kendharaan sing ditumpaki pancen alon-alon. Ananging, kabeh ora telat awit tindake saka kutha Kudus wis dikira-kira rada gasik. Sawatera wektu leren, ngaso dhisik, banjur kabeh pasamuwan kaatag lumebu ing adicara bidston.
Ing adicara bidston manten, underane kababarake sabdane Gusti (kaasta dening bapa pendhita), dijangkepi karo pepujen-pepujen, lan pandonga. Kanggo ngregengake adicara kuwi, saben pepujen kang dikidungake diringi “musik keroncong”.  Ing tlatah Kuwukan lagi iki ana bidston manten diringi “musik keroncong”. Sabenere paguyuban keroncong greja wis ana sawatara suwe. Paguyuban keroncong greja ana loro, sing siji para anggotane wong-wong dhewasa, sijine maneh para taruna. Ing tlatah Kudus, “jam terbang” paguyuban keroncong iki wis suwe. Awit, meh saben anggota pasamuwan duwe gawe, lumrahe mantenan, nyuwun diiringi keroncong nalika bidston manten. Ya ana uga sing ora kersa, nanging  ora amarga paguyuban keroncong nyuwun bayaran. Ora. Paguyuban keroncong greja kuwi paring pambiyantu ngramekake adicara kanthi tulus ikhlas. Ora ana pamrihe apa-apa, kajaba mung melu nyangga bot-repoting anggota pasamuwan.
Malah ora mung bab paguyuban “musik keroncong” kang paring pambiyantu. Supaya adicara mantenan, saka persiapan nganti pelaksanaan, bisa lumaku apik, ya ana penguruse (wong-wong kang ngurus). Penguruse kuwi wis kabentuk sacara permanen. Pengurus kuwi mbantu anggota pasamuwan sing arep duwe gawe, saka membentuk panitya, ngrancang adicara, nganti nindakkake adicara. Mula yen arep nyusun panitya manten, pengurus mesthi sesambetan karo kulawarga sing arep duwe gawe. Dadi pengurus ora mlaku dhewe. Lha lumantar sesambetan kuwi, banjur kabentuk panitya manten, kang jamake para anggotane saka sedulur-sedulur (dhewe) lan pengurus.


Pasamuwan sarampunge bidston, kaaturan dhaharan lan unjukan kinanthen dening lelipuran keroncong
Dadi, sing ngurusi “musik keroncong”, adicara bidston manten ing omah, “pemberkatan nikah” ing greja, nganti resepsi, ya panitya.  Kerja kerase panitya bisa ngentheng-ngenthengi beban kulawarga (kang duwe gawe).  
Adicara bidston kang katindakake kurang luwih rong jam kuwi, ora mung dirawuhi saperangan kanca saka Kudus, nanging uga saka pasamuwan kang mapan ing Colo lan Kuwukan. Cacahe ora akeh awit pasamuwan Colo lan Kuwukan kuwi mung kalebu pepanthan. Bocah-bocah uga padha ndherek. Bocah-bocah sing kalebu gedhe ya bisa ndherekake bidstonan kanthi apik, dene sing cilik ya kaya ngana kae, ana sing mlayu rana, ana sing mlayu rene. Sanadyan ngono, adicara bidston manten, saka wiwitan nganti pungkasan, lumaku kanthi apik.
Sarampunge bidston, para pasamuwan nglahapi dhaharan lan unjukan sing disajekake para among saji. Katone, para among saji kuwi anggota paguyuban kang wis tinata. Katitik saka sandhangan sing dienggo, padha seragaman, klambi batik sacorak-sawerna lan kuplukan. Kabeh padha nindakake tugas kanthi alus lan sumeh. Paguyuban keroncong paring panglipur lumantar tembang-tembang campur sari dhateng para rawuh kang nembe dhedhaharan.        

Tidak ada komentar:

Posting Komentar