Jumat, 25 Mei 2012

Saos Sokur Undhuh-undhuh



Sanadyan durung sampurna
Aku lan panjenengan wis saos sokur
Konjuk dhateng Pangeran Mahaagung
Ya kadang tani, buruh, pegawe, wirakarya, lan sapanunggalaning
Padha methik perangan kang unggul becik

Ya mung samono
Nanging suka rena ing ati
Pratandha bebungah, pepuji, nyenyembah kagem Gusti
Kang tansah ngrimati rina lan ratri
Kanthi ngluberi berkah prayogi

Kadang pracaya kang kinasih
Ayo ngundhuh ati, ati kita, saiki!
Iku woh-wohan swarga edi peni
Kang tinuwuhaken dening Gusti  
Dadi saosan riyaya undhuh-undhuh luhur suci

Tidak ada komentar:

Posting Komentar