Sabtu, 25 Februari 2012

Caos Sukur Pensiun



Ngrampungaken pandamelan kanthi prayogi nuwuhaken rasa suka bingah tumrap sok sintena. Awit, sadaya kalawau saged kalampahan kanthi sae sanajan kita sami ningali bilih ing salumampahing pandamelan/pakaryan kalawau kathah reribed ingkang ngganggu-ngridhu. Saperangan tiyang mitadosi bilih awit kanthi werni-werni kawontenan ing lumampahing pakaryan malah saged nuwuhaken kasantosan kangge ngadhepi samukawis prekawis gesang.

Mbok menawi awit makaten, salah satunggiling kadang dwija, nyuwun pangapunten mboten kula sebat asmanipun, awit sampun dungkap wekdal bektinipun dateng bangsa lan nagara lumantar ing dampar pawiyatan, samangke sampun paripurna (pensiun) ananging ngraosaken rasa sukur. Pensiun makarya nyocoki kaliyan wekdal ingkang sampun kaatur ing pranatan, limrahipun ndadosaken manah raos bingah. Bingah, awit, Gusti sampun paring kekiyatan kangge nyanggi bot-repotipun pakaryan kalawau.
Mboten wonten kekiyatan ingkang sejatos menawi mboten saking kamirahanipun Gusti dateng manungsa. Manungsa yektosipun mboten nggadhahi daya punapa-punapa. Ateges manungsa menika mboten badhe saged ngrampungaken pakaryan menawi mboten wonten kamirahanipun Gusti. Kathah tiyang ingkang ngunggulaken pribadhinipun, malah mboten saged nggayuh pangajeng-ajengipun. Kosok wangsulipun, tiyang ingkang pitados bilih kekiyatan/kasantosan namung saking Gusti, malah saged mrantasi sadaya pandamelan kanthi sae lan ing tembenipun ngraosaken kanugrahan ingkang mboten upami.

Ngraosaken kanugrahan ingkang mboten upami menika nuwuhaken pangangkah saged ngrawuhaken kadang sami ing dalem. Ancasipun, supados para kadang saged ugi ngraosaken kanugrahan ingkang sampun (langkung rumiyin) karaosaken. Kados-kados mboten jangkep raos bingahipun menawi mboten saged pepanggihan kaliyan kadang sadaya.

Asring raos bingah menika dipun wujudaken ing tetedhan ingkang saged dipun dhahar sesarengan. Kados dene salah satunggaling kadang dwija ingkang lumebet ing mangsa pensiun menika. Piyambakipun nyumedyakaken dhedhaharan supados kadang sadaya saged ngraosaken. Kabingahan ingkang dipun tampi saking Gusti menika kasumrabahaken datang kadang sadaya. Prastawa menika saged dipun sebat caos sukur pensiun.
Ngrawuhaken kadang sadaya temtunipun mboten namung supados saged dhahar sesarengan, ananging (ingkang langkung saking menika) saged nuwuhaken rasa bebrayan agung ingkang tansaha saged langgeng, kayasa dening Gusti. Sugeng pensiun lan Gusti tansaha njangkung!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar