Senin, 04 Juni 2012

Kulawarga Wadhah kang Utama Ngleluri Basa Jawa


Gambar kapethik saka chuin5.wordpress.com
Basa Jawa kuwi asile budaya. Mula kudu diuri-uri. Supaya tetep lestari nganti salawase. Kanthi mangkono, basa Jawa tetep bisa nyawiji karo masyarakat kang nglairake. Bisa diwanuhi karo kabeh generasi. Generasi tuwa lan enom. Turun-temurun saka generasi siji lan sijine. Yen mangkono, basa Jawa mesthi bae bisa urip terus, kayadene masyarakate, kang nganti saiki saya ngrembaka.

Apa maneh basa Jawa, kaya basa liyane, nduweni kasugihan maneka warna. Basa Jawa nduweni unggah-ungguh, paramasastra, dongeng, cangkriman, tembang, paribasan, bebasan, aksara, angka, tata laku, suba sita, lan liya-liyane. Kabeh kuwi bisa kanggo mbangun watak lan patrap urip ing bebrayan. Bisa kanggo nggayuh urip prayogi pribadhi lan bebarengan.

Mula yen ndeleng basa Jawa, saiki, sangsaya suwe sangsaya ilang saka tengah-tengahing masyarakat kang nglairake, prihatin banget ing ati. Coba sawangen ing saubenge panjenengan, wis arang kulawarga kang migunakake basa Jawa kanggo pirembagan. Sanadyan pirembagan antarane anggota kulawarga dhewe, ora ana liyan. Apa maneh ing kalangan bocah-bocah lan para taruna. Meh bae bisa diarani ora wanuh karo basa Jawa. Awit, lumrahe dheweke migunakake basa Indonesia nalika rerembagan. Ing masyarakat ya samono uga. Kumpulam RT, RW, PKK, rapat ing bale desa, ngurus KTP, lan sapanunggalaning, saiki, akeh-akehe migunakake basa Indonesia.
Yen ana sing migunakake basa Jawa, lumrahe ora komplit. Tegese, kala-kala nganggo basa Jawa, ning kala-kala basa Indonesia. Dadi basa Jawa dienggo campur karo basa Indonesia. Sebabe, pawongan kang pirembagan mau ora kabeh bisa migunakake basa Jawa. Sanadyan sing siji pinter nganggo basa Jawa, upamane, ning rewange ora pinter, ya sing nganggo basa Jawa pungkasaning ketut melu migunakake basa Indonesia.
Dadi, kaya-kaya basa Jawa wis kadesek karo basa Indonesia. Basa Jawa kang mesthine dadi basa ibu tumrape wong Jawa, wis owah. Owahe, basa ibune wong Jawa basa Indonesia. Ing omah, wong-wong tuwa wis arang kang migunakake basa Jawa nalika pacelathon karo putrane awit putrane kangelan migunakake basa Jawa. Ya gelem ora gelem wong tuwa tembene migunakake basa Indonesia. Apa maneh wong tuwa anyaran (wong tuwa saiki kang isih enom). Wiwit putrane isih cilik wis dikulinakake migunakake basa Indonesia awit dheweke ya ora pati bisa nganggo basa Jawa. Yen kahanan kuwi dienjarake, bisa-bisa basa Jawa ilang tenan. Sing nggegirisi,  yen basa Jawa didaku duweke liyan.

Kahanan kang mrihatinake kuwi katone wis disumurupi karo pamrentah. Mligine ing wewengkon Jawa Tengah (ning mbokmanawa ing wewengkon Jawa liyane uga padha), nglangkungi dinas pendhidhikan, wis sawetara suwe nganakake program muatan lokal basa Jawa ing sekolah-sekolah, wiwit SD nganti SMA/SMK. Dadi, ing sekolah-sekolah kuwi ana mata pelajaran (mapel) Basa Jawa. Tegese, sacara formal, kabeh murid kudu nyinaoni basa Jawa. 
Bab sing kaya ngono kuwi (mapel Basa Jawa ing sekolah) sejatine ing zaman dhisik ya wis ana. Ning mboh apa prekarane dumadakan diilangake. Ing sekolah, mligine, ing tingkat SMP lan SMA/SMK, wis ora ana maneh mapel Basa Jawa. Basa Jawa ilang saka damparing pasinaon. Bocah-bocah ing sawetara suwe ora wanuh karo basa Jawa. Lan, ing wolak-waliking zaman, ndadak mapel Basa Jawa ana maneh dadi muatan lokal, kang kudu disinaoni bocah-bocah ing sekolah nganti saiki.
Alasane, ing antarane, bocah-bocah wis kelangan suba sita, unggah-ungguh, lan tatakraming urip. Amarga bocah-bocah wis diadohake karo budhayane dhewe (basa Jawa), kang sugih kawruh bab tatakarma urip prayogi. Ananging yen diblakakna, mapel Basa Jawa ing sekolah kang mung disinaoni rong (2) jam seminggu, ora cukup kanggo mbangun karakter/pribadhine bocah. Ning tinimbange ora diparingi jam babar blas, ya iku luwih apik. Sithik-sithika bocah-bocah isih ditepangake karo budhayane.

Dadi, liyane sekolah, mbokmanawa kang luwih prayogi yen kulawarga (Jawa) didadekake wadhah kanggo mbudidayakake basa Jawa. Aja nganti kulawarga kelangan tanggung jawab melu mbudidayakake basa Jawa. Pacelathon kang ana ing kulawarga kudu tansah migunakake basa Jawa. Wong tuwa marang putrane, semono uga kasakbaline, yen rerembagan kudu nganggo basa Jawa. Ing kene, wong tuwa nduweni peranan wigati. Dadi, wong tuwa kudu bisa dadi patuladhan. Ora kena ketut yen putrane lagi celathu nganggo basa Indonesia. Malah putrane kuwi kudu diajari migunakake basa Jawa. Ing kulawarga bisa luwih gampang ngrembakakake Basa Jawa awit kahanane ora formal lan wektune ora diwatesi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar