Selasa, 01 Mei 2012

Nyiapake Ekspresi ing Dina Pendhidhikan Nasional 2012


LUKISAN karyane para siswa kang arep dipamerake
Lumrahe dina-dina kang dianggep penting diwigatekake kanthi khusus. Ana aktivitas-aktivitas khusus kang dienggo mahargya. Apa tumpengen, upacara, pameran, dhiskusi, seminar, apa liyane (maneh) kang dianggep prelu kanggo mengeti. Awit, dina-dina kang dianggep penting kuwi lumrahe kaya-kaya nduweni daya kang gawe tuwuhe rasa sigrak. Kayata dina Proklamasi Kamardikan, dina Kartini, dina Pahlawan, uga dina Pendhidhikan Nasional. Dina-dina kuwi nduweni underan dhewe-dhewe.

Dina Pendhidhikan Nasional, kang dipengeti saben 2 Mei ing saben taune, uga dhuweni underan. Ana gegayutane karo bab pendhidhikan, kayata pendhidhikan informal, formal, lan nonformal. Sanadyan sing mahargya lumrahe mung pendhidhikan formal. Sekolah-sekolah, saka taman kanak-kanak (TK) nganti perguruan tinggi (PT) yen ngadhepi dina Pendhidhikan Nasional mesthi nganakake aktivitas-aktivitas kang ana gegayutane karo pendhidhikan.

Kaya ngadhepi 2 Mei 2012 iki, Pemerintahan Kabupaten (Pemkab) Kudus, lumantar Dinas Pendhidhikan Pemudha lan Olahraga (Disdikpora) Kabupaten Kudus, nganakake kegiyatan pendhidhikan kanthi cara nglibatake sekolah-sekolah ing Kabupaten Kudus, Jawa Tengah (Jateng). Tema pengetan dina Pendhidhikan Nasional, kang unine “Bangkitnya Generasi Emas Indonesia”, diterjemahake kanthi cara kang ekspresif dening para kadang dwija ing Kudus.

Semangat kuwi katitik saka persiapan kang wis diwiwiti ing dina iki, Selasa (1/5), yaiku persiapan pameran pendhidhikan. Pameran pendhidhikan kang rencanane dianakake ing Gedung Ngasirah, arah mengetan (tumuju ing Pati) udakara telung km saka alun-alun, Simpang Tujuh, iku nglibatake para kadang dwija seni budhaya lan para siswa. Pameran karya-karya seni para dwija lan siswa. Ana lukisan, keramik, patung, lan hasta karya liyane, kang ngedhap-edhapi. Miturut Muhammad Sukarno, ketua panitia pameran, karya seni sing dipamerake gunggunge ada 800-an. Iku nyakup karyane para dwija lan siswa (SMP/MTs lan SMA/MA/SMK) se-Kabupaten Kudus. Dadi, angen-angene guru SMP 2 Gebog, Kudus, kuwi ing taun iki kawujudake, yaiku nganakake pameran bareng antarane guru lan murid.

KARYA SENI ekspresine guru lan murid kang arep dipamerake
Pameran pendhidhikan kuwi bakal dibukak dening Bupati Kudus, H.Mustofa, sabubare nindakake upacara dina Pendhidhikan Nasional ing alun-alun Kudus, Rabu (2/5). Pameran kang didanai PT Djarum Kudus liwat Djarun Foundation Bhakti Pendidikan, kuwi arep digelar kanggo masyarakat Kudus wiwit Rabu (2/5) nganti Jumat (4/5). Kanggone para siswa, pameran kuwi bisa digawe papan kanggo rekreasi kang sifate edukatif. Mula, saben sekolah kang mapan ing Kudus, bakal diwenehi jadwal kunjung.
PARA KADANG SENI kang nata papan pajangan lukisan
Kanggo nggayuh iku, panitia wiwit Selasa (1/5) esuk wis padha sibuk ing Gedung Ngasirah. Ana sing lagi nyiapake administrasi, nata papan pajangan lukisan, nata karya-karya seni kang arep dipamerake. Dipantha-pantha, ana sing diselehake ing kamar sisih kiwa gedung utama, ing kamar mburi (kiwa lan tengen). Aku sempat ndeleng lan ndlajah karya-karya seni kuwi saka kamar siji lan sijine. Cacahe pancen akeh banget. Sing lukisan, ukurane werna-werna, ana sing cilik, ana sing gedhe. Ana uga keramik kang wis dimodifikasi karo bahan-bahan limbah, karyane bocah. Sing dipamerake rencanane uga ana keterampilan seni, tradisional lan modern, kayata kerawitan, tari, vocal (band) kang katindakake dening para siswa. Rahayu mbangun generasi emas Indonesia!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar