Senin, 30 April 2012

Peladosan Kesehatan: Saka, Olehing, lan Kanggo Pasamuwan


Para pelados kesehatan arep mriksa "pasien"
Kanggone manungsa, kesehatan kalebu perangan kang wigati. Badhan sehat, kabeh aktivitas ing pagesangan, bisa katindakake kanthi prayogi. Kesehatan kuwi ora mung kanggo awake dhewe, nanging uga kanggo awake liyan. Karepe, yen awak sehat ora ngrepotake liyan, malah bisa mitulungi kerepotane liyan. Mula, babagan kesehatan diudi dening sapa bae. Luwih-luwih kanggone wong kang wis lanjut usia (lansia).

Sapa bae, sing jenenge wis kalebu lansia kuwi mesthi rentan karo penyakit. Kabeh penyakit gampang nempel ing awak. Sanadyan yen isih enom katon kuwat, ora nate lara, yen wis lansia gampang banget kenclokan lara. Kaya-kaya kabeh penyakit teka-lunga, ibarate. Mula klompok lansia kuwi sing kudu dadi kawigaten kang utama. Sedhela-sedhela kudu dicek kesehatane, kanthi tertib.

Babagan kuwi pranyata wis suwe dadi kawigatene greja, ing endi aku masamuwan. Greja, liwat bidang diakonia (pelayanan kasih), saben telung wulan sepisan nganakake “pemeriksaan kesehatan” mligine kanggo warga lansia (sepuh). Pemeriksaan kang sifate gratis pancen dibutuhake wong. Katitik, saka akehe wong kang dherek daftar supaya bisa diladeni priksa kesehatan.

Nganti ing wektu saiki, cacahe peserta ora kurang saka 30 wong. Saka jumlah kuwi, sing akeh pancen klompok lansia. Dene sisane, wong sing bisa diarani isih kalebu enom. Iku mbuktekake yen sanadyan wiwitane “pelayanan kesehatan” kuwi mung ditujokake marang lansia, nanging sabanjura (nganti saiki) wong-wong kang durung kalebu lansia,  ana sing melu. Kabeh entuk pelayanan padha, ora beda. “Pelayanan kesehatan” nyakup priksa darah, trigliserit (TG), tensi lan liya-liyane. Kabeh “pasien” yen wis rampung priksa diaturi obat sing cocok karo penyakite. Uga diaturi snack (jajan lan ngombe). Dene anggaran kang digunakake kuwi asale saka pisungsung pasamuwan. Mula pantes yen dipocapake saka, olehing, lan kanggo pasamuwan. Tegese, asale saka pasamuwan; olehing pasamuwan; diprelokake dening pasamuwan.

Ana "pasien" kang lagi ditensi lan dijupuk getihe, banjur dipriksa
Tenaga kang paring peladosan (pelayanan) duwe keahlian ing bidange. Ana sing perawat, bidan, uga dokter. Tenaga kuwi, mligine perawat lan bidan, ora angel golekane awit anggota pasamuwan (warga greja) akeh sing nduweni profesi kuwi. Tegese, akeh warganing pasamuwan sing nyambut gawe ing rumah sakit, dadi perawat utawa bidan. Tenaga dokter, sanadyan wiwitane angel-angel susah diupayakake, awit akeh sadherek sing makarya ing rumah sakit sesambaten karo dokter saben dina, saiki gampang diusahakake. Saben ana peladosan kesehatan mesthi ana doktere. Dokter sing paring pambiyantu gonta-ganti. Ing peladosan iki dokter A, ing peladosan sakcandhake bisa bae dokter B, C, utawa D. Ngono kuwi ngepasi dokter sapa sing  libur kerja (ing rumah sakit), nembe paring pambiyantu. Tenaga dokter kuwi ora gelem dibayar. Kabeh pelayanan murni, tulus, lan ikhlas.

Peladosan kesehatan kang kurang luwih ngentekake wektu rong jam, kuwi katindakake sabubare kebaktian. Dadi, pasamuwan sing wis daftar (katitik saka kartu anggota) ora langsung kondur, nanging ndherek priksa dhisik. Priksane katindakake ing greja uga. Dadi, sawise bubar kebaktian, ana saperangan papan kebaktian sing diowah (kanthi spontan) dadi papan kanggo priksa. Nganti saiki greja pancen durung duwe papan khusus kanggo peladosan kesehatan. Sanadyan mangkono, lumakune peladosan kesehatan tansah katon prayogi. Ora ana siji-sijia pasamuwan sing ketriwal. Kabeh angsal pelayanan lan ngraosake rasa seneng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar