Rabu, 09 Mei 2012

Pameran Akbar lan Seni Hardiknas 2012, Nyuguhna Maneka Kreasi Siswa


BAND SMP 1 JATI ndherek ngisi acara pameran seni.
Pameran Akbar lan Seni Hardiknas 2012 kang digagas dening Pemerintah Kabupaten (Pemkab) Kudus, liwat Dinas Pendidikan Pemuda Olahraga (Disdiknas) Kabupaten Kudus, Jumat (4/5), ditutup. Pameran kang digelar ing Gedung Ngasirah, iku pranyata ora mung mamerake seni lukis lan hasta karya. Ana maneka kreasi siswa liyane kang nambah suwasana luwih gebyar.

Pancen, yen mlebu ing njero ruang pameran kang dideleng mung lukisan lan hasta karya, asil pakaryane siswa lan guru seni-budhaya. Ana lukisan kang ngemu kaendahan alam, sosial masyarakat, tradhisi, lan agama. Ana uga hasta karya kang arupa keramik kang dimodifikasi karo limbah masyarakat, nanging asile apik banget. Barang seni kang dipamerake iku ana sing wis laku. Dituku wong. Regane ya undha-usuk. Ana sing rada murah, ana sing larang banget. Nganti puluhan juta rupiyah. Barang seni kang wis dituku wong isih dipamerake, nanging wis diparingi tandha. Cikben ora dimeliki wong liya.

Dene ing njaba ruang, ana panggung kang dienggo nyuguhake maneka kreasi siswa. Kanggo ngisi acara saka dina sepisan, Selasa (2/5) nganti Jumat (4/5), panitiya nyuwun kabeh sekolah ing Kudus, negeri lan swasta (SMP lan SMA/MA/SMK) paring suguhan seni sing diduweni. Ana sing nyuguhake tarian, solo, duet, paduan swara, band, lan liya-liayne. Saking akehe sekolah sing arep nyuguhake kawasisane, wektune dibagi. Kabeh sekolah sing karep mau cikben bisa tampil.
Awit, yen esuk bocah-bocah padha sekolah, wektu kanggo nyuguhake kawasisan mau ya sore, sabubare jam sekolah. Sore, udakara jam 14.00 nganti 17.00 WIB wis ana sing ngisi acara. Wektu iku sing ngisi acara bocah-bocah SMP. Dadi, sadawane wektu iku pancen ora mung sak (siji) SMP. Nanging, ana luwih saka siji SMP sing ndherek ngramekake. Werna-werna sing disuguhake. Kaya kang wis kasebut ing dhuwur. Kayata, tari, band, lan solo orgen. Sabubare siswa SMP sing tampil, bengine siswa SMA/MA/SMK. Kabeh mau sejatine kanggo paring panglipur marang masyarakat kang mirsani pameran, kang ora mesthi saben wektu ana.
Dadi, acara pameran kuwi bisa kasebut wadah kanggo nampung kabeh kreasi seni siswa (lan guru) supaya bisa dimangerteni dening kabeh masyarakat. Saliyane bocah-bocah disibukake karo sinau, pranyata nduweni karya seni kang patut disuguhake marang masyarakat. Kanggone bocah-bocah kang ora duwe bakat seni, pameran kuwi bisa kanggo papan sinau lan rekreasi. Ndeleng karya seni kang dipamerake bisa bae nuwuhake inspirasi kang positif.

TARI LAN PADUAN SUARA uga ndherek ngisi acara pameran akbar lan seni siswa lan guru ing Gedung Ngasirah, Kudus.
Kuwalitas kreasi seni kang disuguhake pancen beda siji lan sijine. Nanging, sanadyan mangkana, kabeh kudu diapresiasi kanthi apik. Bocah-bocah wis gelem tampil ing panggung dideleng wong akeh kuwi samesthine wis duwe nilai tambah. Ora akeh cacahe bocah sing duwe kekendelan kaya kuwi. Lumrahe bocah-bocah yen tampil ing ngarepe umum padha kurang kendel. Mula, sepisan maneh bocah-bocah sing wis padha nyuguhake kreasi senine kuwi kudu diparingi penghargaan, paling ora motivasi kanggo  nyemangati supaya bocah-bocah kuwi sansaya ningkatake kompetensine. Awit kompetensi kuwi sing mesthi bisa kanggo nggayuh masa depan kang njanjikake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar