Kamis, 15 Maret 2012

Nindakake Ujian Praktik

NGLELURI KABUDAYAN: Bocah-bocah nglakonake salah sijine crita rakyat ing Indonesia
Ing dina-dina buri iki ujian praktik ing sekolah katindakake. Bocah-bocah kelas pungkasan, umume,  padha ngadhepi ujian praktik. Mengkana uga siswa kelas IX SMP 1 Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng), ing dina-dina iki lagi disibukake karo ujian praktik. Ujian praktik kang katindakake wiwit tanggal 9 nganti 17 Maret kuwi kudu dieloki kabeh siswa kelas IX, ora ana sing katriwal siji-sijia. Mulane kabeh siswa kelas IX katon sibuk dina-dina iki.

Malah aktivitase siswa kang katon upyek kuwi sabenere wis diwiwiti sakwulan sing kepungkur. Kabeh siswa padha nyinaoni materi-materi kang diujekake. Awit, akeh mata pelajaran (mapel) kang diujekake kanthi ujian praktik. Ing antarane mapel Fisika, Biologi, Bahasa Inggris, Basa Jawa, Olahraga, Kesenian, lan Bahasa Indonesia. Mula wajar bae yen para siswa wis nyiapake dhiri wiwit suwe. Yen ora ngana, para siswa mbokmenawa ora bakal bisa siap ndherek ujian praktik kanthi temen.

Apa maneh ujian praktik mau ana sing kudu diadhepi dhewe. Ujian praktik sing kudu diadhepi dhewe mesthi bae mbutuhake persiapan pribadhi kanthi tenanan. Mbokmenawa bae ora ana sing bisa paring pambiyantu secara khusus kaya ing mapel sing didhereki secara klompok. Kanggone bocah-bocah sing ndhuweni kawasisan mbokmenawa ora nuwuhake kahanan apa-apa. Ananging kanggone bocah-bocah kang “pas-pasan”, ujian praktik sing sifate didhereki secara pribadhi bisa nuwuhake rasa dheg-dhegan.

Sanadyan bae kahanan ati sing kaya mengkana mau ora prelu ana. Sebab, ujian, apa kuwi ujian praktik apa kuwi ujian tulis, ora kudu dianggep bab kang nggegirisi. Ujian mesthine kudu diadhepi kanthi ati kang merdika, ora terbeban, ora wedi, nanging seneng bae. Apa maneh materi ujian mesthi bae materi kang nate diajarake para guru. Yen mbokmenawa ana beban, ora apa-apa. Ananging bebane aja nemen-nemen awit bisa nuwuhake “kacilakan” kanggo awake dhewe. Ujian praktik tumprap mapel kang didhereki secara pribadhi utawa klompok, ora prelu diwedeni.

Mapel kang sifate didhereki secara klompok, kaya mapel Bahasa Indonesia, kasunyatane bisa diarani gampang-gampang angel. Gampange, yen kebeneran entuk dhapukan kanca-kanca kang tanggung jawab. Kabeh tugas mesthi bisa ditindakake kanthi premati. Ananging yen kosokbaline, entuk dhapukan kanca-kanca kang kurang tanggung jawab, bisa-bisa tugas kang kudu katindakake ora bisa katindakkake kanthi apik. Ana salah sijine klompok siswaku kang nduweni dhapukan siswa kurang tanggung jawab. Nalika gladhen kanggo persiapan ujian praktik mapel Bahasa Indonesia, yakuwi saben klompok kudu nampilake drama, siswa kang kurang tanggung jawab kuwi ora sregep teka.  Kanyatan ngene mesthine gawe susahe kanca-kanca saklompoke. Ndilalah nalika ujian praktik bocah mau ya ora teka. Dadi, dheweke ora melu ujian praktik ing wayah kuwi. Kanca-kanca saklompoke ya mesthi bae kudu luwih kreatif. Lan untung bae perane ora pati penting, dadi ujian praktik tetep katindakake.

Ujian praktik mapel Bahasa Indonesia kang awujud drama kuwi, materi dramane kudu diangkat saka crita rakyat Indonesia. Dadi, bocah-bocah luwih dhisik kudu nggolek crita rakyat ing Indonesia kang diserujuki dening anggota klompok. Yen wis diserujuki, sabanjure teks crita mau kudu digawe teks drama. Ing wektune proses ngubah teks crita dadi drama, bocah-bocah diparingi wektu kanggo konsultasi karo guru Bahasa Indonesia, mligine kagem guru sing ngasta. Mulane yen ditemokake kekurangan ning kene-kekurangan ning kono, bisa diubah kang luwih bener. Sabanjure bocah-bocah latihan dhewe-dhewe saklompoke.
Crita-crita kang diangkat dadi naskah drama ora mung crita saka tanah Jawa, ananging ana uga kang saka dhaerah liya ing luar Jawa, sanadyan cacahe ora akeh. Dadi, critane ya werna-werna. Ana crita Timun Emas, Andhe-andhe Lumut, Batu Menangis (saka Kalimantan), Roro Jonggrang, Nyi Ratu Kidul, Nyi Endhit, Asal-usule Woh Duren, Ciung Wanara, lan liya-liyane. Kabeh mau nudhuhake yen bocah-bocah ndhuweni kreativitas kang apik. Kabeh kudu dipupuk supaya tingkat kreativitase sansaya luwih apik. Selamet ndherek ujian praktik, Anak-anakku kang daktresnani!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar