Kamis, 15 Maret 2012

Angin Gedhe


Angin gedhe lagi bae teka
swarane nggegirisi ati
muter-muter ing dhuwur omah
nggugah wong turu, wengi iki

Angin gedhe lagi bae teka
kaya ngirimake prahara
marang kabeh manungsa
kang ngrusak jagad raya

Angin gedhe lagi bae teka
warta saka swarga
ngelingake kabeh manungsa
sujuda marang sang sabda

Tidak ada komentar:

Posting Komentar