Sabtu, 02 Februari 2013

Mempeng Sinau


MEMPENG: Sinau mempeng ing piwulangan.
Sedela maneh bocah-bocah sekolah sing wis ing kelas pungkasan arep ngadhepi ujian nasional (UN). UN isih dadi perangan pawiyatan kang diwedeni bocah awit minangka trap kang mratandhani lulus apa ora. Dadi, sekolah (ngungsi kawruh) kang katindakake mataun-taun kuwi, bisa ora kasil  mung katemtokake sawetara dina lumantar UN kuwi.

Mulane ing wektu-wektu mapak UN, bocah-bocah padha mempeng sinau. Ora mung sinau wayah esok ing sekolah kaya lumrahe. Nanging, bocah-bocah kaparingan sinau tambahan, ing wektu sadurunge utawa sarampunge jam sekolah. Ora mung mandeg samono. Ing wayah sore lan ana sing nganti wengi melu les ing bimbingan belajar (bimbel). Ana uga kang nekakake guru ing omah secara mligi, tumpraping wong sugih.

Buku-buku kang dibutuhake uga dipepaki. Buku-buku materi utawa kumpulan soal-soal. Ora mung tuku saka siji penerbit, nanging rupa-rupa penerbit cikben luwih lengkap. Buku-buku kang kasediyakake ing sekolah lumrahe isih kurang. Mula, bocah-bocah isih tuku saka toko-toko buku.

Ora prelu kaget yen wektu ngadhepi UN, ragat kanggo sekolahe bocah-bocah sansaya mundhak. Marang bab kuwi, wong tuwa/wali murid wis pirsa. Adhedhasar UN kang wis lumaku mataun-taun,  wong tuwa/wali murid tamtu wis nyediyakake ragat kanggo kabutuhan putra-putrine, mligine sing ana ing kelas ngadhepi ujian.

Mempenge sinau bocah-bocah ora mung ing sekolah, sinau tambahan, lan les, nanging uga nggumuli buku-buku kang dituku. Mung, yagene kanyatan kang kaya ngono lumrahe mung nalika ngadhepi UN. Mempenge sinau ora kawiwitan saka dhisik-dhisik. Kanyatan iki kang durung disadari kabeh bocah.

Ana bocah-bocah kang mempeng sinaune wiwit dhisik. Wiwit nalika mlebu sekolah wis sregep sinau. Bocah kang kalebu  golongan iki mesthi prestasine apik tur ora owah. Tegese, prestasine ajeg ing saben taun kepara malah mungggah. Dene, bocah-bocah kang sinaune dhangthek (kala-kala), gelem sinau yen arep ana ulangan, prestasine angel kasimpulake. Kala-kala apik, kala-kala elek. Dadi, awit owah saka-kala ya ora bisa digadhang-gadhang.

Becike pancen duwe tradhisi mempeng sinau wiwit dhisik. Sanadyan ana ulangan kang sifate ndadak, tetep wae siap, ora wedi, kalebu ngadhepi UN. Saka wektu saiki nganti UN, pancen kari rong wulanan. Amrih becike, wektu kang sathithik ini pantes digunakake sinau kanthi tenanan. Bab-bab kang ora ana gegayutane karo pasinaon, ing sawetara wektu iki, becike kasimpen wae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar