Senin, 19 Maret 2012

Murid-murid Ngadhepi UTS Loro


TLITI: Murid-murid kang nembe nggarap soal UTS
Wiwit Senin (19/3), umume sekolah nganakake ulangan tengah semester (UTS) loro. Ning mesthi bae ana sekolah kang wis rampung nganakake, semana uga ana kang durung nganakake. Pancen bener, awit babagan UTS mono tergantung sekolah dhewe-dhewe, sanadyan wis ana ancang-ancang kang sifate umum kanggo kabeh sekolah, kang diwetokake dening dinas pendidikan pemuda lan olahraga (Disdikpora). Kabeh mau dibalekake marang sekolah dhewe-dhewe. Dadi babagan iki kalebu otonomi sekolah.

SMP 1 Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng), uga nganakake wiwit Senin nganti Sebtu (24/3). Supaya UTS loro bisa katindakake kanthi prayogi, mula murid-murid lungguhe dipencar dicampur karo murid-murid saka kelas kang beda. Kelas VII campur karo VIII utawa IX, mengkana uga kelas VIII dicampur karo IX. Dadi, sasuwene ndherek UTS, murid-murid bisa sesrawungan kanthi cedhak karo kanca-kanca liyane kang beda kelas lan tingkat.  Uga bisa ngurangi prilaku ala murid nalika ulangan. Kepriye bae, awit lungguhe beda kelas lan tingkat, mesthi ana rasa isin yen takok utawa ngrepek. Bisa ora bisa, murid nggarap soal dhewe-dhewe.

Ing angger ruang mesthi dijaga guru cacahe loro. Guru kang njaga tugase mung mbagi soal lan perangkat liyane, lan uga nglumpukake asile pakaryan para murid yen wis rampung. Paring pambiyantu marang murid kang ngadhepi prakara, kayato yen soale ora bisa diwaca, ilang, kurang kertase, lan liya-liyane. Sing mesthi ananing guru njaga ing ruang-ruang ulangan ora cikben medeni murid-murid. Ananging yen setemene ana murid sing wedi iku wajar-wajar bae. Apa maneh yen guru sing njaga mau ora nate ngajar murid mau.
Wis kaya adate yen UTS utawa ulangan akhir semester (UAS) sasuwene murid-murid padha nggarap soal, kabeh piranti sekolah, liyane polpen, pensil, setip, garisan, jangka, busur, lan ungkret, kudu ditinggal ing njaba ruang. Tas kang isine buku diklumpukna ana ing terase kelas. Semono uga barang-barang eletronik, upamane HP, kalkulator, lan sarupane piranti mau, ora kena digawa murid nalika nembe nggarap soal. Piranti-piranti sing kasebut pungkasan iki mau umume diserahake marang guru, utawa diklumpukake ing meja guru. Kabeh mau kanggo njagani cikben ora ana kadadean-kadadean kang ora dikarepake. Lumampahe ulangan supaya luwih apik.

Yen nembe ana UTS, kaya ing dina-dina wuri iki, sing paling disenengi murid-murid yaiku mulih luwih gasik. Mulihe luwih gasik awit umume murid-murid sedina mung ngadhepi soal saka rong mata pelajaran (mapel). Ya kuwi pancen bener. Ananging murid-murid mesthi sadar yen wektu kang longgar kuwi mesthi bisa digunakake kanggo sinau, nyiapake mapel sesuke sing arep diadhepi nalika ulangan. Kabeh kuwi supaya murid-murid bisa nggarap soal kanthi bener. Mula ora malah dienggo sakepenake dhewe, upamane kanggo dolanan.
Sing wigati, prelu dijaga yaiku kahanan fisik. Stamina tubuh kudu dijaga kanthi apik. Mangan sing cukup lan bergizi, istirahat cukup, turu ya cukup, upamane. Kabeh mau kanggo nuwuhake kahanan fisik lan uga psikis kang apik. Supaya yen nindakake kegiatan sinau lan nggarap soal bisa lumaku kanthi apik, sabanjure bisa nuwuhake asil kang uga nyenengake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar