Senin, 19 Maret 2012

Bakti Budaya Djarum Kudus lan Disdikpora Kudus Nganakake Workshop Teater


AKTING: Peserta (pelajar) workshop kang mragakake saperangan naskah
Saka Sebtu (17/3) nganti Minggu (18/3), Bakti Budaya Djarum Kudus bebarengan karo Dinas Pendidikan Pemuda lan Olahraga (Disdikpora) Kudus nganakake workshop teater. Workshop teater kasebut dianakake ing Hotel Kenari Kudus, Kudus, Jawa Tengah (Jateng). Didhereki kurang luwih satusan peserta, kang asale saka anggota Teater Djarum, teater sekolah (bocah lan guru), uga teater kampus.

Workshop teater kang diresmekake dening wakil saka Disdikpora Kudus kuwi dirawuhi menejerial PT Djarum Kudus. Ing sambutane wakil menejerial PT Djarum Kudus, dingendikake bilih workshop teater taun ini beda karo taun-taun sing kepungkur. Yen ing taun-taun kepungkur, workshop teater sing kaya mangkene ini mung didhereki anggota Teater Djarum. Dadi sifate tertutup. Ananging ing taun iki, workshop teater didhereki uga dening teater-teater sekolah, dadi sifate terbuka. Iki cocok karo komitmene PT Djarum, yaiku mbangun sesambetan karo masyarakat umum ing babagan apresiasi budhaya. Workshop teater iki salah sijine program kang ana gegayutane karo Bakti Budaya Djarum Foundatin.

Mulane nalika wakil saka Disdikpora Kudus maringi sambutan ing ngarepe para peserta workshop, diweling supaya kabeh peserta, mligine, para siswa lan guru kang dherek, kudu tenanan ndhereke. Kabeh piwulang saka narasumber kudu dimangerteni, lan mengko kudu dikembangake ing sekolahe dhewe-dhewe kanggo nyinaoni bocah-bocah kang melu kegiatan teater. Awit, teater mono bisa kanggo mbangun karaktere bocah-bocah murih apik.
Narasumber kang paring piwulang ing workshop teater kuwi ana telu cacahe. Sepisan, Agus R. Sarjono kang mulang bab Nulis, Mbedah, Mentasake Naskah Drama (Teater). Kapindo, Nur Rahmat SN kang mbawakake bab Akting. Dene sing kaping telu, Ade Ii Syarifuddin kang paring piwulang bab Artistik. Kabeh materi kang diwulangake marang para peserta kaya-kaya wis cukup kanggo nyangoni madege teater. Ananging peserta workshop kang diwulang isih akeh sing takon bab-bab kang durung dimangerteni gegayutane karo teater. Ana uga sing mbagek-mbagekake pengalaman dhewe-dhewe kang nate dialami ing teater sekolah. Dadi, kahanan workshop nyeyengake awit ora mung entuk ceramah saka narasumber, ananging uga kawruh kang dicritakake saka para peserta workshop.

Ing salebete workshop, dipraktekake nulis naskah drama cekak, uga olah vokal, olah gerak, lan imajinasi. Kegiatane akeh banget ning nyenengake. Apamaneh sarampunge diparingi kawruh bab artistik, para peserta workshop uga diwenehi kesempatan kanggo mentasake naskah kang wis ditulis miturut kelompok kang wis diwangun. Kabeh kegiatan kuwi piwulang kang maedahi tumpraping para peserta.
Mula ing penutuping adicara, para peserta nalika disuwuni pesan karo panitya, pangarep-arepe ya supaya bae adicara-adicara kang kaya mengkono kuwi ing taun-taun ngarep tetap dianakake. Yen prelu ora mung rong dina, ananging luwih suwe saka kuwi. Awit sinau bab teater saka nulis, mbedah, mentasake naskah drama, nganti sinau akting lan artistik, kaya-kaya ora cukup yen mung rong dina. Rerasan bab ngono kuwi ora mung  saka para peserta ananging uga saka narasumber kang rumangsa yen piwulang kang diparingake marang peserta kuwi sabenere mung sathithik awit wektune kurang. Ya, muga-muga bae ing taun-taun sacandhake mengko Bakti Budaya Djarum Foundation PT Djarum Kudus, nganakake kegiatan kang kaya ngono mau luwih suwe maneh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar