Kamis, 22 Maret 2012

Lagi Lara


Ragilku lagi bae lara
kala-kala panas
kala-kala adem
kelangan esem lan ngguyu
tur gampang nesu

Ragilku lagi bae lara
sanadyan mung seminggu
awake wis katon kuru
kelangan pipi sing mlenthu-mlenthu
sing gawe lucu lan rupa ayu

Ragilku lagi bae lara
gilir-gumanti adem-panase
banjur priksa marang dokter
dawuhe kudu opname
ning daktrima kanthi setya

Tidak ada komentar:

Posting Komentar