Kamis, 23 Februari 2012

UKA Sertifikasi Guru 2012


Gambar kapetik saka: elsaelsi.wordpress,com



Sesuk, Sabtu (25/2), arep digelar ujian kompetensi awal (UKA) sertifikasi guru periode 2012. Bakal katindakake serentak saindonesia, wiwit Sabang nganti Merauke. Bareng brek, ora ana wektu let. Kabeh mono ancase cikben ora ana kadadeyan kang ora apik, kayata yen ana sawatara peserta kang takon-tinakon jawaban. Yen katindakake serentak, kadadeyan kang kaya ngono mesthi ora ana awit para peserta mesthi bae konsentrasi bareng-bareng marang tugase dhewe-dhewe. Apa maneh jam wektu nindakake digawe bareng. Ateges, ing Indonesia perangan kulon katindakake jam 07.00 WIB, perangan tengah jam 08.00 WIB, lan perangan  wetan jam 09.00 WIB.

Ora bisa diselaki yen kabeh kuwi mung kanggo ngupaya netesake guru-guru sing kuwalitase apik. Siap lumebu ing pawiyatan pendidikan lan latihan profesi guru (PLPG) kuota 2012. Kuota 2012 iki beda banget karo kuota taun-taun sadurunge. Bedane, yen kuota 2012 kabeh (saindonesia) karingking sacara online miturut umur. Dadi, peserta kang bakal calon PLPG 2012 umure wus tuwa-tuwa. Ing tlatah Kudus, Jawa Tengah, bae kang gunggunge ana 1.113 guru kuwi umur kang paling enom 43 tahun. Dadi ngadhepi UKA kaya ngene kuwi kaya-kaya wus wedi dhisik. Awit rumangsa yen wus ora bakal bisa nggarap soal-soal kang kacawisake dening panitia. Sanajan ngono, kabeh pranyata tetep siap-siap kanti tenanan. Kalah cacak, menang cacak, iku paribasane.
Pangajeng-ajeng para dwija kuwi wajar-wajar bae awit yen bisa lolos UKA mesthi bisa ndherek PLPG. Sanajan miturut crita kadang dwija kang wus PLPG, PLPG kuwi mbutuhake konsentrasi kang ekstra. Tenaga, pikiran, lan perasaan kudu kasiapake kanti tenanan. Lha yen yuswa wus sepuh, sanajan kasiapake kanti tenanan, bisa bae tenaga lan pikiran ora kuwat. Iku kabeh kang dadi panguda rasa umume para dwija kang rumangsa wus sepuh. Ya, ya, bab kuwi ya mlebu ing nalar.

Ananging panguda rasa kang ngono mau pranyata dirasakake uga dening para dwija kang isih kalebu timur yuswane. Beban kuwi ana amarga sertifikasi guru kuota 2012 katindakake beda karo kang uwis-uwis. Yen dhisik ora ana tes, kok ya ing kuota iki ana tes. Awit kabeh kuwi wus ana ukume/aturane, mula gelem ora gelem, kabeh kudu nindakake kanti prayogi.
 Soal-soal kang ditesake ing UKA iki gunggunge ana 100, kaperang dadi loro, yaiku soal kang kalebu kompetensi akademik 70 soal; kang kalebu kompetensi pedagogik 30 soal. Soal kang awujud pilihan ganda kanthi patang opsi kuwi diwenehi wektu 120 menit (rong jam). Soale ana paket A lan B, ancase para peserta ora thingak-thinguk nurun kancane. Miturut kabar, soal kang kelabu gampang ana 25%, kang sedheng 50%, lan kang angel 25%. Kabeh kudu digarap nganggo pensil 2B awit LJK-ne dicocokake nganggo cara komputerisasi ing Jakarta, pusat penelititian pendidikan (Puspendik). Ayo padha donga-dinonga supaya kabeh bisa mentas kanthi prayogi saka UKA lan bisa lumebu ing pawiyatan PLPG!.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar