Jumat, 24 Februari 2012

Ndeleng Bocah-bocah LatianTeater


Sore mau, aku lagi bae ndeleng bocah-bocah latian teater, kang wis sawatara suwe dianakake ing sekolah awit kalebu kegiatan ekstrakurikuler. Dadi, seminggu sepisan, bocah-bocah mesthi padha latian ing papan panggonan kang wis disepakati bebarengan. Bocah-bocah kang melu ekstra teater cacahe ora akeh. Ananging, sanajan ora sepiroa akeh, bocah-bocah kuwi kalebu bocah kang demen banget karo ekstra teater. Mula, kabeh katon nyenengake yen lagi latian.
Gambar kapetik saka: flickr.com

Latian teater bocah-bocah ora kok serius kaya latian teater diwasa. Bocah-bocah bisa ngumpul padha omong-omongan, nuturake apa kang diendhem ing atine, bae wis apik. Awit kahanan kang kaya ngono kuwi mbangun sikap “percaya diri” lan wani tampil ing ngarepane wong akeh, sanajan wong akeh kuwi mung kancane dhewe. Ya pancen ngono kuwi. Diwiwiti saka bab-bab kang (bisa diarani) sepele. Bisa nuturake apa kang diendhem ing ati, iku wis kalebu bocah sing kendel. Nuturake kanti basa kang lancar engga gampang dimangerteni liyan, iku wis apik banget. Awit, sing wigati wong liya bisa ngerti ide-idene mau.
Pancen benar, wong-wong kang demen teater kudu nduweni keterampilan wicara. Awit, wicara kalebu perangan penting ing babagan teater. Apa kang arep ditampilake teater kanggo pamirsa, supaya bisa dimangerteni, salah sijining sarana kang wigati dianggo yaiku basa (wicara). Mula, nalika bocah-bocah wis padha seneng  mbangun swasana dialogis (kanthi rerembugan) bab apa bae, prelu diwenehi “ruang” sing bisa ngrangsang kreativitas basa. Kanthi mangkono, bocah-bocah bakal sansaya pinter ngomong. Mesthine omongan kang wigati.

Kajaba kuwi, bocah-bocah uga latian gerak. Nalika bocah-bocah padha ngomong-ngomong, mesthi bae dibarengi gerak, gerak wajah (ekspresi) lan gerak tubuh (gestur). Kuwi kabeh kalebu bab-bab kang disinaoni ing ekstra teater. Kabeh bocah kang demen teater pancen durung mesthi nduweni kawasisan ing babagan dasar gerak. Mulane, dasar gerak lan (uga) vokal ing ekstra teater disinaoni kanti tenanan, sanajan kabeh bocah sejatine wis bisa ngomong lan gerak. Cikben ngomong lan gerak kang ditindakake bocah-bocah kuwi sansaya ana bobote.
Sing nyenengake bocah-bocah, nalika dheweke padha dikongkon nggawe crita lan kudu diwujudake ing tampilan kanthi improvisasi. Miturut pangamatku, bocah-bocah cak-cek tenan nalika lagi ngrakit crita. Ana bocah sing dumadakan dadi “juru ngomong” awit sing luwih cepet netes gagasane bab crita kang arep ditampilake. Kanggo njletrehake crita mau supaya dimangertine dening kabeh bocah kang arep tampil, mula diwenehi wektu udakara sepulu menit. Ing perangan iki bocah-bocah padha rembugan, banjur “ngasting” para paraga. Alur crita lan konflike kudu dimangerteni kabeh bocah kang meranake.  Jenenge bae bocah, ya ana bae sing dikongkon dadi tokoh iki, tokoh iku, tokoh A, tokoh B, ning ora gelem amarga isin awit perane kudu ngene, kudu ngono, lan sapanunggalaning.

Jagade bocah-bocah ya ngono kuwi. Angel-angel susah. Ananging, sanajan ngono, bocah-bocah isih katon seneng, malah padha guyonan. Dadi, nalika wis miwiti gladhen lumantar improvisasi, bocah-bocah ora padha wedi lan isin kabeh. Ana sing isin tampil nanging cacahe mung sithik. Sing kendel tampil gunggunge luwih akeh. Bocah-bocah kang ndherek nggabung ekstra teater, ora mung kabangun terampil basa lan ekspresi, nanging uga nyinau bab sesrawungan marang liyan. Sinau teater pranyata ngarahake para siswa nduweni kawasisan apa bae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar