Kamis, 23 Februari 2012

Mbudayakake Jimpitan

Gambar kapetik saka: 
malamkamisonline.blogspot.com
Lagi bae, aku njupuki jimpitan. Jimpitan kang ana ing wewengkon RT-ku dibudayakake wus sawatara suwe. Suwene udakara telung nganti patang tahun. Sanajan, yen sawengi diklumpukake gunggunge mung sithik, udakara 16 nganti 20 ewu, nanging yen wus nglumpuk setahun gunggunge akeh, kanggone kulawarga RT-ku. Asile bisa ngluwihi saka asil nglumpukake sewu-sewu yen ana parepatan RT-ku sewulan sepisan.

Mula, budaya jimpitan nganti saiki terus dianakake. Para warga dipantha-pantha, sapantha cacahe patang nganti limang wong, supaya yen nindakake jaga njupuk jimpitan ora rekasa. Awit, para warga padha gotong royong lumantar piket bebarengan. Iki apik banget awit sing jenenge tradisi gotong royong kuwi ing zaman saiki ing ngendi-endi papan kaya-kaya wus padha lumuntur. Lumunture tradisi gotong royong mono, salah sijine, disebabake dening kabudayan global kang ngemu patrap mentingake awake/golongane dhewe, kang umume kasebut istilah "individualis". Sikap "individualis" wus mrasuki pasrawungan masyarakat kita.

Mula ana benere yen budaya njupuk jimpitan iku bareng-bareng katindakake. Saliyane nglumpukake duwit kanggo kapreluane pemerintahan RT lan desa, uga bisa mbangun katresnan bebrayan tumrap para warga. Katresnan kang kabangun ing bebrayan agung masyarakat bisa nuwuhake kakuwatan, ora mung kakuwatan kang arupi fisik, ananging ugi kakuwatan psikis. Kabeh kuwi bisa kanggo piranti mbangun urip bebrayan kang luhung, tentrem, anyem, lan adem.

Tur maneh, njupuk jimpitan bisa kanggo njaga kaamanane omahe para warga. Jimpitan kang saben kulawarga nyangga, umume dideleh ing salah satunggaling papan khusus ing emperan omah, ndadekake saben omah ditekani piket ronda. Tegese, wong kang njupuk jimpitan mau muter ing omah-omahing warga. Dadi wajar yen omahing para warga aman.

Jimpitan kang arupa duwit, cacahe 200-an rupiah saben brayat mau dideleh ing jero botol aqua kang wus kapotong utawa ing gelas aqua, uga ing wadhah-wadhah liyane kang digawe saka barang-barang bekas. Ananging ana uga wadah duwit mau digawe saka kayu, kang ngemu nilai seni. Supaya gampang ditemokake kang njupuk jimpitan, wadhah-wadhah mau umume digantungake ana ing cagag omah lan pang-pang tetuwuhan sakitere omah. Uga ana kang digantungake ing lawang regol kang digawe saka wesi. 
Lumrah yen nyatane ana brayat kang lali ngiseni wadhah jimpitan. Laline ngiseni bisa bae amarga kasibukan. Mesthi bae ora ana brayat kang sengaja ora ngiseni. Kabeh brayat umume duwe rasa tanggung jawab, ngiseni. Mula yen ana kanyatan sing kaya ngono aja nganti disimpulake manawa brayat mau ora gelem melu mbiyantu bot-repoting warga masyarakat. Aja. Aja tenan. Katresnan kuwi padha diupayakake bareng-bareng kanthi cara apa bae, kalebu mbudayakake jimpitan. 

Jimpitan kang wus diklumpukake mau banjur dietung bareng-bareng dening kang piket. Gunggunge ditulis ana ing buku kang wus disedyakake ana ing pos. Kang ditulis ing buku mau ora mung gunggunge duwit, ananging uga jenenge kang nindakake njupuk jimpitan, lan ditandhatangani. Kabeh kuwi kanggo nitik yen kang nduweni tanggung jawab ronda lan njupuk jimpitan wus nindakake pakaryan. Dadi, lumantar cathetan ing buku kuwi,  tanggung jawab para warga bisa kawaos. Mekaten. 

  

    

    

Tidak ada komentar:

Posting Komentar