Senin, 27 Februari 2012

Basa Jawi, ing Pundi?



Pitados menapa mboten, ing zaman samangke, basa Jawi menika sampun sangsaya tebih saking kawruhipun tiyang-tiyang, kalebet tiyang Jawi, tiyang ingkang rikala rumiyin mbudidaya nggesangaken basa Jawi kangge wawanrembag ing jagad pasrawungan tlatah Jawi, mliginipun. Kathah tiyang sepuh ingkang sampun mboten saged ngagem basa Jawi ing gesang bebrayan. Langkung-langkung para kaneman dalah lare-lare, sae ingkang sekolah menapa mboten. Sadaya sami mboten wanuh kaliyan basa Jawi.

Menawi tiyang sepuh kemawon mboten wanuh  kaliyan basa Jawi, inggih limrah sanget menawi para kaneman dalah lare-lare mboten wanuh. Awit, yektosipun, tiyang sepuh menika ingkang saged nuladhani para kaneman lan lare-lare ngginakaken basa Jawi ing gesang bebrayan. Cobi dipun titi priksa, inggih menapa mboten? Kula piyambak dereng saged kanthi setya ngginakaken basa Jawi ing kulawarga. Ingkang dados malah kosok wangsulipun, kula ketut kaliyan lare-lare menawi nembe wawanrembag. Lare-lare ngangge basa Indonesia, kula saha ibunipun ndherek ngangge basa Indonesia.

Yektosipun menawi ngangge basa Jawi inggih saged nalika wawanrembag kados makaten. Sanadyan sagedipun kanthi meksa awit lare-lare inggih dereng kathah ngertos tegesipun tembung-tembung Jawi. Dados menawi wawanrembag ngangge basa Jawi, asring kula saha ibunipun (mbokmenawi meh sedaya tiyang sepuh) kedah nuntun alon-alon. Kedah sabar nerangaken tembung-tembung ingkang mboten dipun mangertosi. Patrap sabar menika ingkang mboten wonten ing kula, mbokmenawi ugi ing limrahipun sedaya tiyang sepuh. Kahanan ingkang mekaten, mesthinipun badhe nuwuhaken kasunyatan basa Jawi mboten badhe dipunwanuhi para kaneman, lare, saha tiyang sepuh ing zaman samangke.
Sanadyan ing kasunyatan wonten tiyang sepuh ingkang nguri-nguri basa Jawi kanthi migunakaken ing sadhengah wawanrembag kaliyan sok sintena, kalebet brayatipun, ananging patrap menika mboten njamin basa Jawi saged mrasuk wonten ing sedaya brayatipun. Awit, langkung-langkung para kaneman lan lare-lare, mboten kalis saking kahanan pasrawungan ingkang kathah nyingkur basa Jawi ing pacelathon. Wonten ing dalem sampun katata kanthi basa Jawi ingkang leres, ananging wonten njawi mboten, inggih pungkasanipun badhe ngrusak tatanan ingkang wonten ing dalem awit sesrawungan wonten ing njawi langkung wiyar tur kathah.

Kawontenan mekaten sami kaliyan ingkang kedadosan ing pawiyatan. Menapa  malih pawiyatan-pawiyatan, sanadyan ing tlatah Jawi,  menika kedhah migunakaken basa Indonesia ing sadhengah pasinaon, kejawi pasinaon Basa Jawi. Menika sedaya nedahaken bilih pambudidaya ngrembakakaken basa Jawi angel sanget ing pundi-pundi papan. Menawi kawontenanipun sampun mekaten, inggih mesthi prihatosaken “gesangipun” basa Jawi ing wewengkonipun piyambak.
Mewani kasunyatan ing wewengkonipun piyambak mboten saged “gesang” kanthi prayogi, basa Jawi menika kedah “gesang” dan ngrembaka wonten pundi? Menika pitakonan ingkang nganggu pikiran kula sanadyan kula piyambak mboten saged, sepisan malih, ngginakaken basa Jawi kanthi setya ing pasrawungan gesang bebrayan. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar