Selasa, 28 Februari 2012

Sedinten Basa Jawi ing Sekolah



Mangertosi bilih basa Jawi dalah sedaya tata krama gegayutan kaliyan budaya Jawi sangsaya ical saking pagesangan bebrayan, SMP 1 Jati, Kudus, Jawa Tengah (Jateng), sampun sawetawis wekdal ngawontenaken program Sedinten basa Jawi ing Sekolah. Kaleresan Sedinten basa Jawi ing Sekolah menika dhawah dinten Kemis. Ananging,  mboten saben Kemis wonten program menika, awit ing dinten Kemis ugi wonten English Day. Dados, sewulan kaping kalih program Sedinten basa Jawi ing Sekolah, kaping kalih English Day. Caranipun, gontas-gantos, Kemis menika English Day, Kemis selajengipun Sedinten basa Jawi, mekaten ugi selajengipun. Antawisipun basa Jawi kaliyan Inggris sami-sami dipun sinaoni kanthi cara mekaten.

Yektosipun, program Sedinten basa Jawi ing Sekolah menika dipundasari, kejawi basa Jawi sangsaya ical, ing sekolah sampun radi dangu wonten program English Day. Lucu sanget menawi basa Inggris dipun sinaoni tenanan, nanging basa Jawi mboten. Kamangka basa Jawi menika basanipun piyambak. Pramila, sekolah lajeng ngawontenaken program Sedinten basa Jawi ing Sekolah.
Program menika ngatak para siswa saha guru lan sanes-sanesipun, sedaya brayating sekolah, sedinten  migunakaken basa Jawi kangge pasrawaungan ing sekolah, mliginipun ing wekdal-wekdal jam sakjawine proses pasinaon (kanggene para siswa). Wekdal istirahat, pepanggihan, inggih kedah ngangge basa Jawi menawi wawanrembag. Mliginipun ing sedaya papan wewengkon sekolah, ing kantin, perpustakaan, toilet, latar, lan sanes-sanes papan. Sae menika wawanrembag guru kaliyan guru, siswa kaliyan siswa, guru kaliyan siswa, lan sapanunggalaning, kalebet menawi wonten tamu. Dados, pangangkahipun (menawi saged) sedinten menika leres-leres dipunjiwai basa Jawi.

Ananging sedaya kalawau dereng saged lumampah kanthi prayogi awit migunakaken basa Jawi menika mboten gampil. Kathah siswa ingkang mboten saged basa Jawi. Mekaten ugi, wonten saperangan guru ingkang sampun supe kaliyan basa Jawi. Langkung-langkung basa Jawi ingkang krama. Meh sedaya guru supe. Dados, namung saperangan kedhik guru ingkang taksih saged wawanrembag ngagem basa Jawi, sae ngoko alus menapa krama. Menawi gurunipun kemawon sampun mekaten, mesthinipun kawontenan para siswa langkung mrihatosaken.
Pramila, kangge njangkepi program menika, saben Kemis enjing (nyocoki jadwalipun), jam sepisanan, sedaya siswa saha guru tuwin kariyawan sami sinau sesarengan bab basa Jawi. Caranipun, sedaya siswa angsal lembaran materi basa Jawi, lumebet wonten kelasipun piyambak-piyambak dipunkantheni guru wali kelas. Guru sanesipun saha kariyawan ugi dipun cawisi lembaran materi menika. Dene ingkang mandu proses pasinaon menika guru Basa Jawi kanthi gegantosan. Caranipun, guru Basa Jawi wonten ing ngjenganipun mikropon ing ruang tartemtu, nerangaken materi menika. Awit sedaya ruang sampun karacik instalsi kabel kangge pengeras swara, swantenipun pemandu inggih dumugi wonten kelas-kelas saha ruang sanesipun. Dados, sedaya brayat sekolah saged sinau sesarengan sanadyan wonten ing papan benten-benten.  

Saksaged-saged sasampunipun wonten pamulangan basa Jawi ing jam sepisanan menika, ing jam-jam salajengipun sedaya dipunatak ngangge basa Jawi, mliginipun, kados kalawau ingkang sampun kaaturaken, ing sakjawine proses pasinaon. Wonten ing proses pasinaon, gegayutan kaliyan babagan tartemtu, basa Jawi taksih saged dipunginakaken, kadosta, rikala siswa izin badhe dhateng wingking, izin medal saking ruang kelas, matur nalika saking wingking, lan senesipun.

Ananging, sinaosa mekaten, kula piyambak mitadosi bilih program menika dereng saged efektif lumampah. Taksih wonten kekirangan-kekirangan ing mrika-mriki. Inggih leres, sedaya menika taksih mbetahaken proses kanthi dawa tur cara-cara sanes ingkang langkung sae. Pramila, menapa ingkang sampun katindakaken menika kedhah dipun apresiasi positif. Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar