Senin, 27 Februari 2012

Sinau Saking Kawontenan ing Bank



Anak kula sing mbajeng nembe kemawon kula ajak kesah bank. Piyambakipun kadosipun remen sanget. Awit nalika kula nembe kemawon pirembagan kaliyan ibunipun bab kesah wonten bank awit wonten kabetahan setor arta, piyambakipun cekat-cekat cluluk, yen kepengin ndherek. Pramila, lajeng piyambakipun kula jak. Praupanipun ketingal sumringah sanget pratandha bungah ing ati.

Punika mboten ingkang sepisan piyambakipun ndherek wonten bank, ananging ingkang kaping kalih. Rikala ingkang sepisan, piyambakipun kula kengken setor, ateges maju wonten ing bageyan teller, bageyan ingkang nrima arta setoran. Buku rekening (bank) lan arta ingkang dipun setor kula pasrahaken piyambakipun lan dipun kantheni nomer antre. Nomer antre punika sampun dipun pendhet langkung rumiyin wonten ing papanipun, ingkang sampun sumedyakaken kanthi piranti mesin otomatis. Mesin otomatis punika, mewani dipun dudul tombolipun, lajeng medalaken kertas ingkang sampun wonten seratanipun angka nomer antrean.

Ing wekdal punika wau, saking wiwitan ngantas pungkasan,  piyambakipun ingkang kula kengken ngayahi. Wiwit mendhet nomer antrean dumugi nyetoraken arta ing teller dipun lampahi piyambak. Namung wekdal mendhet nomer antrean ing mesin otomatis, kula tut wuri sinambi maringi pituduh. Salajengipun kula namung ningali saking tebih sinambi lenggahan ing bangku ingkang cinawis. Sadaya kalawau ancasipun kangge maringi pasinaon dhateng kang lare. Supados piyambakipun mangertosi kadospundi cara-caranipun tiyang setor arta ing bank.
Nalika taksih nengga antrean, kang lare tangklet ngengingi bab pegawe bank kok wonten ingkang pinarak ing sisih mrika lan mriki. Pembageyan punika sejatosipun saged dipun tingali saking wiwitan nalika konsumen nembe mendhet nomer antrean. Wonten ing mesin otomatis, sampun wonten seratan pituduh dhateng konsumen, konsumen badhe mbetahaken peladosan ing bageyan “A” utawi “B”. Menawi mbetahaken peladosan ing bageyan “A”, inggih nutul tombol “A”, ngantos medal nomer antrean ing bageyan “A”. Mekaten ugi menawi mbetahaken peladosan “B”, konsumen kedhah nutul tombol “B” supados medal nomer antrean “B”.  Pembageyan perangan punika nedahaken bilih ing bank punika wonten pegawe ingkang ngladosi transaksi arta (teller) lan kawruh (kalebet administrasi bank) dhateng konsumen.

Lumantar punapa kemawon ingkang dipun ayahi kang lare ing wewengkon bank kalawau, ndamel piyambakipun  mangertos kasunyatan pakaryan lan peladosan ing bank, mboten namung ngertos amargi namung maca buku utawi crita saking tiyang. Pasinaon ingkang mekaten wigati sanget kanggene para lare.  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar