Kamis, 18 Oktober 2012

Tradhisi Srah-srahan

Adicara srah-srahan kepala sekolah ing salah sijine sekolah ing Kudus, Jateng
Ing Indonesia, mligine ing Jawa, tradhisi srah-srahan ora mung tumprap ing nenikahan. Tradhisi srah-srahan katindakake ing samubarang ayahan kang gegayutan karo pindhahan, kalebu pindhahan pejabat saka papan pakaryan siji ing papan pakaryan sijine. Kayata, pindhahan kepala sekolah saka salah sijine sekolah menyang sekolah liyane, lan tetep dadi kepala sekolah. Utawa pindhahan guru saka sekolah siji menyang sekolah sijine. Semana uga yen ana kadang guru diangkat dadi kepala sekolah ing sekolah anyar (tegese sekolah liyane).
Babagan kang kaya ngono kuwi ana. Awit, pindhahan amerga tugas dinas. Yen wis gegayutan karo pindhahan tugas dinas ngono kuwi, biasane, ora bisa pethal saka tradhisi srah-srahan. Dadi, yen ana kadang sakpapan panggaweyan pindhah mesthi kadang-kadang liyane padha ngeterake menyang papan pakaryan kang anyar mau.
Sanadyan yen ora diterake, mesthi bae wani rawuh dhewe. Mula akeh bae kadang kang pindhahan mau sanadyan durung diterake karo kadang-kadang liyane wis miwiti makarya ing papan anyar awit tuntutan surat tugas. Dadi, sakdurunge diterake lan dipasrahake wis sesambungan karo kadang-kadang ing papan pakaryan anyar. Mesthi bae wis padha kenalan. Ananging, kang diarani srah-srahan mau tetap katindakake. Dadi, yen digagas-gagas kaya bae mubadir.
Kadang-kadang guru kang ndherek mangayubagya srah-srahan kepala sekolah
Ananging kang benar olehe nggagas ora mung nganti samono. Awit tradhisi srah-srahan kuwi ana gegayutane karo babagan rasa kekeluwargaan. Urip ing masyarakat kumpul karo akeh wong wis kaya dulur dhewe. Mula yen ana kang pindhahan, mesthi dirasakake kaya kelangan sadulur. Mula sanadyan kaya-kaya mubadir (amarga wis bisa rawuh dhewe kok ndadak diterake) srah-srahan tetep katindakake.   
Kaya kang nembe bae katindakake ing sawetara sekolah ing Kudus, Jawa Tengah (Jateng), awit wis akeh kepala sekolah kang entek masa baktine. Dadi, prelu ana kang kadhapuk dadi kepala sekolah anyar. Lan, yen ana kepala sekolah anyar, wis kaya-kaya tradhisi, mesthi ana pindhanan tugas. Kang nate dadi kepala sekolah ing kana dipindhah ing kene, sing nate ing kene dipindhah ing kana, lan sapiturute.
Kepala sekolah kang pindhah, utawa guru kang diangkat dadi kepala sekolah ing sekolah liya, mesthi diterake dening anak buwahe utawa kadang guru liyane. Rombongan/bareng-bareng kaya ngiring nganten kae. Sawise tekan sekolah kang dikarepake, para rombongan wis sinambut dening kadang guru ing sekolah anyar mau. Banjur dianakake adicara srah-srahan. Underane ana atur pepasrah lan panampi. Kang atur pepasrah kasulihi dening kadang saka sekolah lawas, kang atur panampi kasulihi kadang saka sekolah anyar.  Kanggo ngguyubake sesrawungan, ing adicara pungkasan katindakake ramah-tamah kang dibarengi karo dhahar-dhahar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar