Gambar kapethik saka kutuberas.blogspot.com |
Tanggap
warsa katindakake kanthi khusus kuwi
becik. Awit ora ana lupute yen Gusti wis paring kaselametan lumantar umur dawa,
manungsa atur pepuji marang Gusti Allah. Malah kepara pancen kudu mangkono,
atur puji sokur. Kaparingan pitulungan dening manungsa bae mesthi atur panuwun,
apa maneh kaparingan umur dawa dening Gusti Allah. Wis samesthine atur pepuji. Pepuji
utawa saos sokur tumpraping tanggap warsa (ulang taun) kuwi ing saperangan wong
biasane kawujudake dhahar bebarengan.
Wujud
kang kaya ngono kuwi miturut kakuwatane dhewe-dhewe. Ana kulawarga kang cukup
mangan bebarengan sakulawarga ing omah kanthi masakan dhewe. Utawa tuku saka
warung didhahar bebarengan ing omah. Ananging ana uga dhahar bareng-bareng ing
njaba, ing warung utawa restoran.
Ing perangan liya, ana kulawarga awit sugih, nalika ulang taun, ngundang tangga-teparo. Diajak dhahar bebarengan ing omahe kang ulang taun utawa ing papan liya. Kang iki uga becik awit wujud sokure kang ulang taun ora mung dirasakake dhewe, ananging uga liyan. Kanyatan ngene iki uga bisa mbangun karukunan urip tangga-teparo.
Ananging
tumpraping kulawarga pas-pasan apa maneh kang kurang, adicara ulang taun ora kudu katindakake kaya mangkono. Cukup
ndedonga bebarengan sabrayat bae wis becik. Dadi, ora kudu nganak-nganakake. Sing prasaja bae. Lha wong
kang sugih bae ora kudu nindakake ulang taun kanthi rame-rame. Malah nalika
ulang taun, ora dipahargya bae, ora apa-apa. Kang wigati pancen kudu disokuri
sanadyan mung sajroning ati.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar