Rabu, 25 April 2012

Aja Susah



Aja susah
apa maneh nangis
nganti sirna soroting mripat
ora ana paedahe

Awit urip
ora diuripi manungsa
mung sih kawelasaning Gusti
kang cumondhok ing ati iki

Dadi rekasaning urip
mung peranganing tembang
kang rinacik dening Gusti
kanggo sampurnaning urip

Mula aja susah
apa maneh nangis
nganti mutah getih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar