Kamis, 22 Maret 2012

Ing Kamar Inap


Ing kamar inap
nunggu ragilku kang lara
dakprangguli Gusti
ing astane perawat lan dokter
kebak katresnan

Ing kamar inap
nunggu ragilku kang lara
ana kekidungan saka swarga
paring panglipur batin
sumringah memuji Gusti

Ing kamar inap
nunggu ragilku kang lara
kadang-kadang setya
atur pandonga
lan pepuji tamba ati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar