Sabtu, 25 Februari 2012

UKA Sertifikasi Guru 2012 Wis Rampung



gambar kapetik saka: zumasri.wordpress,com
Ujian kompetensi awal (UKA) sertifikasi guru 2012, dina iki, Sabtu (25/2) wis rampung katindakake. Ing Kudus, Jawa Tengah (Jateng), katindakake ana ing enem sekolah, yaitu ing SMP 1 Kudus, SMP 2 Kudus, SMP 3 Kudus, SMP 5 Kudus, lan SMP 1 Jati, Kudus. Guru-guru calon peserta sertifikasi kuota 2012, kang cacahe ana 1.113 kuwi, dipantha-pantha manggon ana ing sekolah-sekolah mau. Guru-guru kang manggon in saben sekolah mau cacahe beda, ana sing sithik; ana sing akeh. Diatur miturut akeh-sithike ruang kelas ing sekolah-sekolah mau.

Awit, sanajan katindakake UKA, para siswa kang sekolah ing sekolah mau tetap padha mlebu. Ananging, ora kabeh siswa bisa mlebu amarga ruang kelase diangga UKA. Umume sekolah-sekolah mau ngliburake saperangan muride. Kabeh mono supaya pasinaonan bocah-bocah dan UKA padha mlakune, sanajan, mligine bocah sekolah, ora bisa maksimal. Bocah-bocah kang mlebu pancen padha rada mblengong nalika disumurupi akeh bapak/ibu sing padha rawuh ing sekolahe. Ananging, suwe-suwe, mbok manawa wis ana sing nyuwun pirsa marang bapak/ibu gurune, bocah-bocah padha mudheng. Yen ing sekolahe arep ana ujian kagem bapak/ibu guru sing ndherek sertifikasi. Malah ana sing rada guyonan,  cluluk, nalika aku lewat ing ngarep kelas, yaiku “Pak guru bayarane arep mundhak ya…” Aku mung mesem bae.
Iku mratandani yen sawatara bocah-bocah wis padha mengerteni yen guru sertifikasi kuwi bayarane mesthi mundhak. Yen mundhak bayarane wis mesthi bae kudu mundhak kwalitas mulange. Mula kanggo njajagi kompetensi guru, dianakake UKA. Kuwi trep banget, awit soal-soal sing ana ing UKA magepokan karo kompetensi guru, yaiku perangan akademik lan pedagogik (keilmuan lan keguruan).

Kaya ing SMP 1 Jati, Kudus, lumampahing kegiatan UKA lumayan apik. Ora ana bab-bab kang nyaru-biru lumampahing UKA kuwi. Ananging, mbok manawa bae awit UKA iki UKA kang sepisanan, isih ana lelakon-lelakon kang ngguyokake. Amarga, nalika pengawas ruang ngedum soal dateng bapak/ibu peserta, ana bapak/ibu peserta kang nampa soal beda karo kompetensine. Kayata, sing ngajarake mata pelajaran (mapel) Bahasa Indonesia, nampa soal ekonomi; mangkono uga kosok wangsule. Tur maneh nalika bapak/ibu guru peserta kang nampa soal beda matur marang pengawas, pengawas ngendika yen ora ana bedane. Tegese, ngajar apa bae, soale padha. Kahanan kang kaya mangkono iku nuwuhake rasa kaget ing saperangan guru. Awit yen ngono, kisi-kisi kang wis dicawisake pemerintah ora ana paedahe.
Lumprah yen sabanjure guru-guru mau rada padha protes. Pengawase banjur nyuwun pirsa marang panitia. Sawise panitia tindak ruangan, pungkasane kabeh bisa diprantasi. Soal-soal sing dibagi kudu padha karo kompetensi guru. Kang ngajar IPS ya pikantuk soal IPS, kang ngajar IPA ya pikantuk IPA, mengkono uga guru-guru liyane. Mula, soal-soal kang wis diasta peserta mau padha diijol-ijolna. Banjur kabeh pikantuk soal kang cocog karo kompetensine.

Kahanan ruang UKA ujug-ujug mak clep, sepi. Ora ana peserta kang cingak-cinguk. Kabeh katon nggarap soal kanthi tenanan. Kaya-kaya ora ana panguripan. Wektu kang dicawisake 120 menit kanggo nggarap soal, rata-rata, meh bae ora nyukupi. Awit nalika wektu wis nandhakake rampung, isih ana siji-loro peserta kang isih ngadhepi soal. Kahanan kang kaya ngono mau, sawise rampung kabeh, peserta siji lan sijine kang wis ana ing njaba ruang ujian, padha guneman bab angele soal UKA. Ya, ya, umume kabeh-kabeh nggunemake yen soal UKA kang sepisanan iki, angel dijawab, sanajan jawabane pilihan ganda.
Kepriyea, pranyatane UKA wis rampung. Para peserta wis rada bungah atine. Ananging bungahe mesthi bae ora sawatara suwe, awit isih kudu ngenteni asile kaya apa, lulus apa ora. Tanggal 18 Maret 2012 kawartakake asile. Ya, muga-muga awit kamirahaning Gusti Allah, kabeh peserta UKA sertifikasi guru 2012, lulus, ora ana sing ketriwal. Amin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar