Nandur tetaneman
ing pekarangan omah iki
nuwuhake rasa seneng
Ora mung kanggo sesawangan endah
nanging uga nyegerna dhadha
kang mbutuhake resiking hawa
Nandur tetaneman
ing pekarangan omah iki
nandur sesawangan katresnan
Katresnanku marang sliramu
katresnanmu marang awakku
kang wus tinandur sajroning ati
Nandur tetaneman
ing pekarangan omah iki
nuwuhake berkahe Gusti
geguritane apik lo...
BalasHapus