Senin, 05 Maret 2012

Sinau dhateng Embah

Rawuhipun Embah wonten griya, nuwuhaken kahanan ingkang ngremenaken. Mboten namung griya kethingal rame, nanging wonten piwucal praktis, mliginipun, kangge lare kula mbajeng. Piwucal praktis ingkang kalampahan inggih menika wekdal Embah Putri nembe masak wonten pawon, lare kula mbajeng ndherek ambiyantu. Resik-resik gelas saha piring ingkang wonten ing panggenan isah-isah. Mekaten ugi, resik-resik perkakas ingkang kotor awit nembe kemawon dipun damel, kadosto cowek, mangkok, enthong, irus, dandang, lan sanesipun.

Sedaya kalawau dipun lampahi kanthi suka bingah. Kahanan (suka bingah) menika saged kula tingali saking polatanipun saha patrap ingkang dipun lampahi salebete piyambakipun ambiyantu Embah Putri. Mboten ketingal aras-arasen, ndhongkol ing ati, menapa malih mbethuthut polatanipun. Ingkang ketingal namung rasa seneng saha ngestokaken menapa ingkang dipun kajengaken (gegayutanipun kaliyan masak) Embah Putri.

Kamangka rikala sewau, wekdal taksih enjing. Lare mbajeng taksih tilem kaliyan adhikipun. Ananging Embah Putri sampun wungu. Enjing sanget wungunipun awit badhe masak dhaharan kangge sarapan. Kaleresan wekdal menika kula sampun nyetrika. Dados kula ngertos menapa ingkang dipun tindakaken Embah Putri. Mangertos bilih Embah Putri badhe masak, kula lajeng nangekaken lare mbajeng. Nalika kula tangekaken kanthi nyuwun supados piyambakipun ambiyantu masak Embah Putri, kang lare saged tangi gumbregah. Mboten kados biasanipun. Menawi biasanipun tanginipun angel, ing wekdal menika, kang lare tanginipun gampil. Lajeng kesah wonten pawon paring pambiyantu Embah Putri.
Kula mirengake wawanrembag kang lare kaliyan Embah Putri awit papan kula nyetrika kaliyan pawon mboten tebih. Pramila, kula mboten namung saged mireng wawanrembag wayah-embah, nanging kula ugi saged mangertosi sedaya ingkang kelampahan ing pawon menika. Ketingal nyenengaken batos. Sesawangan ingkang nuwuhake rasa tentrem, ayem, lan adem. Wonten ing kahanan kados mekaten, kang lare saged sinau bab-bab ingkang praktis sifatipun. Ingkang wigati pasinaon menika dipun lampahi kang lare kanthi merdika. Ketingal mboten wonten beban awrat ing batos.

Benten sanget nalika babagan menika dipun tindakaken kaliyan ibunipun. Awit menawi kang lare dipunsuwuni ambiyantu ibunipun wonten pawon, menapa malih ing wekdal enjing, kadhang kawis ndhongkol ing ati, aras-arasen, saha kucem polatanipun. Kahanan menika ingkang asring nuwuhaken patrap ibunipun kirang prayogi. Kirang prayogi awit ing pungkasanipun ibunipun lajeng kecalan kesabaran ngantos kang lare mboten siyos paring pambiyantu. Ateges kang lare mboten nindakaken pasinaon praktis, ingkang sanget maedahi kangge gesang salajengipun.
Eman sanget menawi pasinaon praktis ingkang ing damparing pawiyatan mboten dipunsinaoni, dene ing griya wonten namung mboten saged dipuntindakaken kanthi prayogi. Menapa malih Embah Putri menika namung sawetawis wekdal kemawon saged dados gurunipun kang lare ing griya. Awit, rawuhipun Embah Putri ing griya menika yektosipun namung badhe “nunut” sekedap salebete panjenenganipun priksa wajanipun ingkang gerah dhateng dokter gigi, ingkang ing dhaerahipun pancen mboten wonten dokter kados mekaten. Embah Putri, enggala sehat malih, nggih!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar