Rabu, 29 Februari 2012

Nyerat Geguritan Tema Sosial


Mucal lare-lare nyerat geguritan menika mboten gampil. Kathah bab ingkang kedhah dipunjelasaken langkung rumiyin dhateng para siswa. Salah satunggaling bab inggih menika tema geguritan. Kasunyatan tema sosial dereng dipunmangertosi sedaya siswa. Taksih wonten siswa ingkang dereng mangertosi babagan menapa kemawon ingkang lumebet ing tema sosial menika.

Dados, sanadyan mboten sedaya siswa, kedhah langkung rumiyin dipunjlentrehaken bab-bab ingkang kalebet tema sosial menika. Ing salebeting pamulangan wonten salah satunggaling siswa ingkang tangklet, menapa "guru" menika kalebet tema sosial. Leres sanget bab menika dipuntangkletaken awit dereng mengertosi bab menika lumebet perangan tema sosial menapa mboten. Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), ingkang dipunwastani “sosial” menika sedaya ingkang wonten gegayutanipun kaliyan masyarakat (berkenaan dengan masyarakat). Dados, menawi pitakenan siswa ing nginggil dipunjlentrehaken mitrat KBBI, mbok menawi mboten lepat bilih guru menika kalebet peranganipun tema sosial. Awit, guru menika bageyan saking masyarakat, sae menika masyarakat sekolah ugi masyarakat bebrayan agung. Menapa malih tiyang, kelebet guru, menika limrahipun ngayahi lelampahan gesang mboten saged pepisahan kaliyan tiyang sanes. Tiyang setunggal lan setunggalipun mesthi sesambetan, sae pribadhi kaliyan pribadhi menapa dene pribadhi kaliyan patunggilan (perkumpulan).

Pramila, jelas bilih guru saha sedaya lelampahan gesangipun ing tengah-tengahipun bebrayan menika kalebet tema sosial. Kejawi guru, bab-bab ingkang saged dipunlebetaken tema sosial kadosta, pengemis, gelandhangan, prastawa bersih desa, mitulungi korban bencana alam, kawontenan ing pengungsian korban bencana alam, panti asuhan, kawontenan gesang para narapidana ing pakunjaran, kemacetan, lan sanes-sanesipun.

Menawi para siswa sampun mangertos bab-bab ingkang kalebet tema sosial kanthi cetha wela-wela, mbokmenawi sampun maringi pitulungan, engga nggampilaken para siswa miwiti nulis geguritan. Awit, mesthinipun pikiran saha pangrasa para siswa sampun kaatak tumuju ing setunggal wewengkon, inggih menika babagan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan masyarakat. Pikiran saha pangrasa para siswa mboten mencar-mencar malih awit sampun wonten gegambaran/patokan ingkang jelas. Ananging sakderengipun mangertosi kadospundi bab-bab “sosial” menika, para siswa mesthi nggrambyang pikiran saha pangrasanipun. Mboten saged fokus. Dados, menawi (kawontenanipun) mekaten wajar menawi (sinaosa nembe mikir “tema” kemawon) para siswa nandhang kesulitan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar