Selasa, 16 Januari 2018

Dakkira Ora Kabeh

Gambar kapetik saka paxabay.com
Aku nyumbang ing omahe paklik. Nalika jagongan sinambi mangan jajan kang disogatake marang tamu (aku ya kalebu tamu), aku matur marang paklik. Ora serius pangucapku. Sante banget. Isine, yen paklik lan bulik wiwit saiki sampun rampung “tugase”. Rampung tugas momong putrane, maksudku. Awit, putra ragile wis ketemu jodho. Lungaku karo ibune bocah-bocah lan si ragil nyumbang ya amerga ana pahargyan nenikahan kuwi. 

Apa sing dakgagas pranyata beda karo kang dipungagas paklik. Awit, nalika aku matur yen paklik lan bulik sampun bebas tugas momong putra, paklik ngendika durung rampung. Panjenengane ngendika yen isih kagungan tugas, yaiku “momong” putu. Perangan iki malah luwih abot, ngono ature paklik. Awit, ing wektu sepuh sampun pensiun, boten  saged nyambi kana-kene kaya rikala enom, ananging isih mikir  ngragati putu. 

Aku banjur kepancing mikir. Kang dak pikir, mbah kakung. Mbah kakung kagungan prinsip kang beda karo mbah-mbah sanese, kalebu paklikku. Prinsipe ngene, mbah kakung wis ora kersa repot kang kaping pindha. Sepisan, sampun ngrumati putra-putrine. Ngragati saka cilik nganti dewasa, yaiku nganti nikahake. Tegese, wis ngeterake putra-putrine tumeka ing tahap kang pantes dieculake. Wis wani diomah-omahake kudune ora ngrusuhi maneh. Pancen kudu mangkono lumprahe. Ana bab apa wae, mesthine kudu dirampungake dhewe.

Mula mbah kakung ora kersa yen direpoti putu. Kayata momong. Dititipi putu awit ibu-bapake repot, kalebu repot nyambut gawe, mbah kakung mesthi nolak. Awit, mesthi bakal ngrepoti. Ini kang dening mbah kakung kasebut ngrepoti kang kaping pindha. Mbah kakung ora kersa kang kaya ngene iki. Anak ya kudu dirumati ibu-bapake; ora dirumati mbahe.

Dak gagas, prinsipe mbah kakung iki ora salah. Malah kepara bener. Awit, kanthi ngono mbah kakung ora manjakake putra-putrine kang wis omah-omah. Supaya ben bisa dadi wong tuwa kang bener. Duwe tanggung jawab marang anak. Bab lelakon urip kang ngono kuwi, repot utawa ora repot (susah-seneng), saben wong mesthi kudu nglakoni. Ora kok mung enak-enak. Dadi ibu-bapak wis lumprahe ngrumati anak. 

Mbalik ing babagan paklik. Dadine aku rada ora srek karo apa kang katindakake. Lha wis sepuh kok ya repot-repot ngrumati putu. Mbokyaa cukup mikir kahanane dhewe. Ngrasakake ing yuswa sepuhe kanthi ayem. Yen mung paring pambiyantu sithik-sithik iku kuwajiban. Ora banjur nanggung sakabehe. Kang tembene malah gawe ora ayem ing ati: nggresula. 

Ananging babagan kaya ngono kuwi gampang tinemu ing tengah-tengahe masyarakat. Cacahe akeh. Dadi ya ora mung paklikku. Ana mbah-mbah liyane kang nindakake. Ana kang ngrasakake abot, nanging tetep nindakake awit mesakake putra-putrine. Ngerti yen ing kanyatan putra-putrine ngadhepi kerepotan, masak ora ditulungi. Mesakake ah, mangkono lumprahe panggagasipun mbah-mbah. Ana uga kang ngrasakake seneng. Sanajan direpoti putu, ora nate nggresula. Malah bingah awit anane putu ing sacedhake kaya hiburan.

Mula akeh mbah kang boten susah sanajan kudu nyukupi kabeh kang dijaluk putu. Kepengin iki dituruti; kepengin iku dituruti. Sanajan ngetokake duwit akeh, ora dadi sedihe ati. Aku duwe mitra ing papan panggaweyan kang duwe prinsip kuwi. Yen crita, bab apa wae kang disuwun wayahe, mesthi dianani. Ora ngetung pira enteke. Apamaneh yen mbahe putri, ngono pangandikane mitraku. Mbah putri kepara malah nguja. Sakepingine wayahe, paribasane apa wae, diwujudake. Lha ya wis, nek ngono!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar