Sabtu, 30 Desember 2017

Lagu Indonesia Raya lan Pancasila ing Selapanan RT

Selapanan RT rutin katindakake ing wilayah rukun tetangga (RT) ing kampungku. Selapanan RT kuwi mung sebutan wae. Tegese, warga RT ing kampungku nganakake kumpulan saben selapan. Selapan kuwi 35 dina. Dadi, saben 35 dina warga RT ing kampungku kumpulan. Rutin. Kejaba yen ana alangan. Alangan kuwi ora mung ditegesi prahara. Bisa wae selapanan ora dianakake amerga ana kegiatan liya sing luwih penting, kayata pas wulan Pasa lan riyaya Idul Fitri.
Selapanan RT kuwi sing nekani bapak-bapak. Dadi, saben kulawarga mesthi ana wakile. Yen ora bapak, biasane diwakili anake lanang. Ora ana ibu-ibu utawa anak wedok makili kulawarga nekani selapanan RT. Yen ibu-ibu ana kumpulan dewe. Sebutane kumpulan PKK. 
Selapanan RT kuwi dianakake kanthi cara giliran. Muter saka kulawarga siji lan sijine. Ora bisa dobel. Awit wis dijadwal. Upamane, selapanan RT saiki ing omahe si A, selapanan RT sabanjure  ing omahe si B. Nganti kabeh warga wis kapanggonan selapanan, lagi muter maneh saka wiwitan. Dadi, muter-muter terus. 

Ing selapanan RT lumprahe Ketua RT maringi kabar marang wargane. Bab apa wae kang penting. Bisa bab administrasi RT, rukun warga (RW), lan desa kang ana gandeng cenenge karo kabutuhane warga. Bisa wae bab keamanan, kesehatan, lan liya-liyane. Kejaba kuwi, ana uga pengurus liyane, contone bendahara kang nglaporake bab keuangan RT. Uga ana tanya-jawab antarane warga karo pengurus. Dadi, kumpulan utawa selapanan RT kuwi kanggo ngrembug apa wae bab kabutuhane warga lan kemajuane RT.
Meh saben selapanan RT, kepala dusun (kadus) rawuh. Kabar kang durung kawartakake dening Ketua RT, kadus kang nglengkapi. Umume kabar-kabar saka pamerintahan desa. Bab iki kadus kang paling ngerti awit saben dina ngantore ing bale desa. Kala-kala Ketua RW rawuh ing selapanan RT. Informasi kang diwartakake lumrahe ora beda karo Ketua RT lan kadus. Mung informasi-informasi khusus RW kang beda. Mula informasi bab ke-RW-an diumumake ing selapanan RT. Awit pamerintahan RW secara hierarki ana ing dhuwure pamerintahan RT. Dadi, Ketua RW uga melu ngupayakake kemajuane RT. Apik eleke RT, Ketua RW ya melu tanggung jawab.
Ana kang beda karo selapanan-selapanan RT sadurunge, selapanan RT ing pungkasane taun 2017 iki ana bab kang khusus. Apa kuwi? Nalika miwiti acara ana nyanyi Indonesia Raya dhisik. Kabeh ngadeg. Kaya bocah-bocah sekolah nalika nyanyi lagu kebangsaan kuwi kanggo ngiringi munggahe gendera abang-putih. Ora ana siji-sijia warga sing ndhodhok. Ora ana sing gojegan. Kabeh nindakake kanthi khidmat. Sanajan swarane ora apik kaya swarane paduan swara, yen dirungokake kanthi tenanan, ngresep sajroning ati. 

Kejaba kuwi, sabubare nyanyi Indonesia Raya, para warga ngucapake Pancasila. Kawiwitan saka sila kapisan nganti kalima. Kaucapake bareng. Posisine isih ngadeg. Ora ana warga sing guyonan. Tanpa panyuwun, kabeh ngucapake kanthi seru. Semangate katon cetha. Kabeh duwe rasa empati marang leluhur-leluhur kang wis ngedegake negara Indonesia. Perjuangane para pahlawan kaya-kaya nyemangati warga nyuwarakake ukara-ukara kang tinulis ing teks Pancasila.
Aku banjur mikir yen selapanan utawa kumpulan RT ana  bab kang anyar, iki mesthi ora mung ing kampungku. Ing papan liya mesthi ana uga. Sebab, iki mesthi wis dadi program pamarintah. Pancen apik. Supaya warga masyarakat ora nganti lali lagu Indonesia Raya lan teks Pancasila. Ing wektu-wektu iki lumprahe lagu Indonesia Raya lan teks Pancasila mung dinyanyekake lan diucapake yen pas pitulasan. Dadi, setaun sepisan, ngepasi wulan Agustus. Tirakatan malam pitulasan ing saben kampung para warga mesthi nyanyi Indonesia Raya lan nyuwarakake teks Pancasila. 
Kajaba cikben ora lali, lumantar nyanyi Indonesia Raya lan ngucapake teks Pancasila, nilai-nilai kebangsaan lan kejuangan ngresep ing jiwane warga masyarakat. Supaya ing bebrayan bisa ginayuh urip aman, tentrem, santosa, lan sejahtera. Awit wong siji lan sijine; golongan siji lan sijine padha guyup rukun. Bab kebersamaan, toleransi, persatuan, lan kesatuan saya diperkuwat. Iku kang bakal ndadekake bangsa Indonesia dadi luwih santosa lan sugih.

Mbangun kasantosaning bangsa Indonesia pancen kudu diwiwiti saka kampung-kampung. Saka lingkungan kang ciut.  Awit, ing kono sesambungan paseduluran isih kuwat karasakake. Yen ing saben kampung ing wewengkon Indonesia kapupuk semangat paseduluran, kaya kang sinerat ing lagu Indonesia Raya lan teks Pancasila, ora mokal ing tembe bangsa Indonesia dadi bangsa kang luwih maju. Ayo budayakake nyanyi Indonesia Raya lan ngucapake teks Pancasila nalika miwiti kumpulan utawa selapanan RT ing saben kampung ing wewengkon Indonesia!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar